Selasa, 05 Februari 2019

SLULUP


Selasa Legi 5 Februari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Para Raja 5:1-14
Jabur 56
Markus 1:21b-28
“Mulané Naaman banjur menyang Kali Yardèn, siram ing kono lan slulup rambah kaping pitu, kaya dhawuhé Nabi Élisa. Naaman dadi waras temenan. Sarirané seger kaya wong nom.” 2 Para Raja 5:14

Jaman mbiyen, bocah-bocah cilik sing uripe neng ndesa mesti seneng adus kali. Lanang wadon pada wuda tanpa awer-awer ya santai, ora kena pasal UU Pornografi, kabeh bebas,swasanane mung seneng lan seneng..Adus neng kali kuwi sejatine ora kanggo reresik awak sing ananging cen nggo seneng-seneng,kanggo dolanan,kanggo hiburane bocah ana neng karangpadesan. Aduse neng kali kuwi isa suwe banget, ana sing nganti njedindil kae, ana sing nganti garing njur njegur meneh, pokok’e kahanane mung seneng. Dene arane adus neng kali  ana sing nyebut Ciblon ana uga sing ngarani Jeguran. Sakjroning ciblon apa jeguran kuwi mesti ana wektu nyilem, utawa nglebokne awak kabeh ana saknjeroning banyu. Lha kahanan iki sing diarani SLULUP, yakuwi nyemplungake awak, seka sikil tekan sirah ana sak njeroning banyu. Tujuane supaya awak teles kabeh, yen wis teles mesti regete katon ilang.

Ing jaman Kitab Suci, ana senopati Siria sing kawentar, jenenge Na’aman. Nalika kuwi nembe kena lara Lepra, lara sing njijik’i lan ambune jian, mbangere ramekakat. Diobatke ngandi wae ora ana owah-owahane, njur nalika meh mutung, njur rewange utawa babune seka Israel crita, yen neng daerahe ana nabi sing esip,sing egut,sing mesti isa nambani. Mula njur mrana, karo nggawa oleh-oleh sing pengajine jian ora umum akehe. Bareng tekan omahe nabi kuwi, jebule wegah methuk’I dewe, ngakon rewange. Kuwi sing ndadekne senopati Na’aman nesu, ingatase senopati jos kok ora dipethuk’i dewe. Merga mutung njur meh mulih, njur dirayu para andahane. Bareng bar dirayu njur kersa balik, lha terus ngakon rewange methuk’i rewange nabi. Bareng entuk gawe, njur matur marang Na’aman, yen welinge rewange nabi (iki ya welinge nabi Elisa) Na’aman kon SLULUPambal kaping pitu  neng bengawan Yarden. Krungu iki Na’aman muring meneh, njur mutung..wegah..Hehe..jebul senopati ya gampang mutungan ya?
Merga wis kadung tekan Israel, mula sakwise dirayu para penderek’e Na’aman ya adus lan SLULUP. Mentas SLULUP jebule lara kustane ilang,resik,kulite kaya wong enom. Merga SLULUP lelarane dadi mari.

SLULUP kuwi gegambaran lelaku andap asor,ora gumunggung. SLULUP kuwi prantanda pasrah ing saknjeroning banyu,lan banyu kuwi kang bakal ngresiki sabarang reregeting awak, mula ayo pada SLULUP ana ing sakjroning Sang Banyuning PAnguripan, ben mari kabeh lelaraning urip iki. Kustane jaman saiki kuwi ya njemberi, ujud’e isa sombong,nesunan,mutungan lan sakpanunggalane, mula ayo pada SLULUP neng  ngarsane Gusti.

“In..ngandi Dalijo, kok yahmene rung ketok?”, Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni ponak’ane sing ayu dewe sak omah.
“Nesu lik..kae ngringkel kemulan sarung. Mung mergane mau arep nonton bal-balan kalah karo ponak-ponak’ane”,Wangsulane Nduk I’in.
“remeh temen uripe Dalijo kuwi, kon SLULUP kana ben mari kaya senopari Na’aman,mari seka mutungane”,Lik Ndoleng rada mbengok ben Dalijo Krungu, banjuur seka njero kamar, Dalijo metu karo jik sarungan.
“Dusono aku lik,gelem ra?”Dalijo malah nanting Lik Ndoleng, sajak ngece.
“Ayoo, tak lelepne kedung sor sengon”, Wangsulane Lik Ndoleng rada sugal..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH