Kamis, 07 Februari 2019

NGGANDHA


Kemis Pon 7 Pebroari 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 20:22-29
Jabur 138
Markus 1:40-45
“Nanging salungané saka kono, wong mau wiwit nyebaraké pawarta kuwi tekan ngendi-endi. Mulané saben wong banjur ngerti, nganti Gusti Yésus ora bisa ngèdhèng mlebu ing kutha endi waé. Temah Panjenengané kèndel ana ing sanjabané kutha, ing panggonan-panggonan sing sepi. Éwasemono wong saka ngendi-endi meksa padha teka marani Panjenengané.” Markus 1:45

“Jo, apa bar ngeloni wedus kok awakmu NGGANDHA wedus?”, Lik Ndoleng sore kuwi nakoni Dalijo.
“Iyo kok Lik, lha disambati siwo Kentho, kon ngresik’I kandang wedus. Siwo Kentho dijak kang Rakijo adu jago”, Dalijo semaur blaka, apa anane.
“O…pantes, cen kudune ngono Jo, seka kandang wedus ya NGGANDHA wedu, seka kandang Pitik ya NGGANDHA Pitik, bubar mangan Duren ya NGGANDHA Duren, bubar mangan Pete ya NGGANDHA pete. Kuwi kabeh wis pepesthen Jo”, Lik Ndoleng njlentrehke wasise ngeram, persis kaya pengamat bal-balan ngindonesa nggon tipi-tipi kae.

NGGANDHA kuwi pada karo mambu, tembung iki ora isa madeg dewe, kudu ditut’ake tembung liyane. Yen NGGANDHA Wedus kuwi tegese ana gandha utawa ambu sing mirip Wedus, NGGANDHA Pitik ya ana gandha sing mirip Pitik. Kuwi kabeh isa klakon nalika cedak utawa srawung, srawung karo Wedus ya lumrah yen gandhane ya memper Wedus. NGGANDHA kuwi sejatine pepesthen, yakuwi kahanan sing ora isa diselak’e, ora isa diendhani, sing mesti klakon nalika srawung utawa cedak karo apa lan sapa wae.

Ana crita neng Kitab Suci sing memper karo gegambaran ing ndhuwur, yakuwi nalika ana sing lara lepra sing wis sui banget. Nalika Gusti Yesus ngepasi neng daerahe, won lara lepra kuwi nyuwun diwaras’ake. Merga Katresnane sing gede marang sing lara lepra, mula Gusti ya maras’ake lan saknalika ilang larane. Bubar kuwi Gusti njur meling marang sing bubar disaraske, supaya aja crita marang sapa-sapa, didhawuhi sowan neng para Imam, kon nilik’I wis klebu waras po durung. Ananging sing maune lara lepra kuwi, anadyan diweling aja crita-crita, malah crita, nyritak’ake  kahanan sing bubar dialami marang sapa wae sing dipethuki. Sing maune lara lepra kuwi kaya pengen andum gandha arum pengalaman uripe. Sing bubar lara lepra kuwi NGGANDHA apik bab pakaryane Gusti.

Mula saka kuwi kudune kabeh wong kudune isa NGGANDHA katresnane Gusti, merga urip iki sejatine ya pakaryane Gusti. Kaya Gusti sing demen andum katresnan, kudune sing pada srawung  karo Gusti kudune ya NGGANDHA kabeh kahanane Gusti. Dene kahanane Gusti kuwi ya welas asih,demen tetulung, demen ngapura, loma lan sakpanunggalane. Yen nesunan,mutungan,srei,drengki,pelit lan ngamuk’an, kuwi tegese prantandha yen ora tahu srawung Gusti.

“Kang Dal, gek entuk-entuk’ane sing ben kesuk nulis BENINGE EMBUN ESUK iki apa ya? Pora kesel ben esuk nulis, ngedum karo sapa wae ya?”, Nduk I’in ujug-ujug takon bab sing gaweane nulis BENINGE EMBUN ESUK.
“Mbuh In, aku dewe ya rakenal karo wonge, jenenge wae singlon, isin yak’e karo jenenge”, Dalijo semaur sakrasane, cuek’e pol.
“Jo, In…rasah mbok gagas sing ben kesuk nulis BENINGE EMBUN ESUK, kayane dewekne lagi pengen nyebar Gandha arum bab katresnane Gusti, dewekne pengen NGGANDHA kabeh bab apik sing disinau saka Gusti”, Lik Ndoleng wangsulan.
“Nggere bar rapat, njur nyawang yu Wasti, lik Ndoleng mesti moncer pikirane In”, Dalijo kumat ngecene Lik Ndoleng.
“Trondollo..bocah iki…sidane nyemes wong tuwa..” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni wedi dinesoni wong akeh..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH