Rabu, 05 Agustus 2020

TETEG

Rebo Pon 5 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 43 : 1-7

Jabur 1-7,15

Mateus 18 :15-20

Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun. Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira. Yesaya 43 :1-2

 

TETEG kuwi kahanan, yakuwi kahanane sapa wae kang wani  ngadepi samubarang tanpa rasa giris utawa wedhi babarblas. Ora gampang nduweni rasa TETEG, amarga okeh bab sing isa ndadekne ilange rasa TETEG kuwi. Dene babagan sing isa ndadekne tuwuhing rasa TETEG kuwi ya okeh, isa kuwi amarga rumangsa nduweni daya kekuwatan linuwih, isa amarga  rumangsa nduweni bekingan sing kuwat lan sakpanunggalane. Perangan ping loro sing sinebut neng nduwur kuwi sing arep dadi pancatan renungan BENINGE EMBUN ESUK dina iki.

 

Menungsa isa nduweni rasa TETEG, salah sijine menawa sadhar yen nduweni bekingan. Ra percaya, takon wae para preman lan gentho sing sangare medeni jangkrik kae, mesti nduweni bekingan, mbuh sapa lan apa wujud’e. Ana crita neng Kitab Suci bab “Bekingan”, lan sing njanjeni menehi Bekingan kuwi malah Gusti Allah dewe, jale kudune apa ora nduweni rasa TETEG sing ora ukur gedene. Kuwi klakon nalika nabi Yesaya sugeng, nalika kuwi bangsa ngisrael nembe ngalami kahanan kanga bot banget, saking abote nganti ora wani nglakoni apa-apa. Mirsa kang kaya mengkono kuwi, Gusti Allah lumantar nabi Yesaya ngendika yen bakal dadi bekinge wong ngisrael ing sadengah kahanan. Kuwi kapangandikake supaya wong-wong ngisrael ing jamane Yesaya nduweni rasa TETEG sing gede lan kuwi njalari wani ngedepi urip.

 

Kaya ing jamane nabi Yesaya, ing jaman saiki bab giris lan wedi kuwi lumrah, mula ora sithik menungsa sing ora TETEG ngadepi mangsa kang bakalane klakon. sinau saka Kitab Suci, ayo padha sadhar yen sejatine Gusti Allah kuwi siap “Mbekingi” kabeh wong sing nduweni sedya mulya urip neng dalaning pepadhang. Ora usa dikuwasani dening rasa wasumelang, ananging ayo ngadepi urip kanthi TATAG, mbuh kaya ngapa kahanan kang bakalane klakon.

 

“Jo, apa jan-jane sing marakne sliramu kuwi wani nandhur Porang sakmono okehe kuwi?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika Dalijo nembe ubyeg milihi Bibite Porang.

“Kemantepan Lik, kuwi sing marakne aku TETEG, sanadyan  pepalange ya okehe ngeram” Wangsulane Dalijo, sinambi milihi bibit Porange.

“Apa mung kuwi alesanmu isa kaya mengkono niatmu gedene ngeram nandur Porang kuwi?” Lik Ndoleng jik nerusne pitakonane.

“Kang Dal kuwi rumangsa yakin yen bakalane diberkahi dening Gusti Lik, merga mlaku neng dalan kang pener. Jarene Mbah’e, kang Dal nduweni bekingan, yakuwi Gusti dewe” Iin melu nimbrung rembugan.

Ajeg In, nimbrungan kowe kuwi…” Lik Ndoleng sajak nesu merga Iin melu-melu.

“Kaya sampeyan Lik, genah Yu Wasti wis duwek’e Kang Markun, tetep wae jik mbok jowal-jawil..” Unine Iin, lan banjur mak brabat arep nyang warung.

“Jindullll…malah kuwi meneh! Jretttt!!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH