Jumat, 14 Agustus 2020

NRIMA

Jemuah Paing 14 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 41 : 37-57

Jabur 133

Mateus 22 ;34-40

Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?” Purwaning Dumadi 41 :38

 

NRIMA kuwi nulise mayar, ananging nglakonine biyuh angele ngeram. Isane ora gampang ngayahi gawean sing kinaranan NRIMA kuwi ya ana dasare, yakuwi merga menungsa kuwi ora seneng diasorake, merga gelem lan senenge neng nduwur dewe. Merga pepinginan seneng neng nduwur terus kuwi mulane yen dikon NRIMA ya angele ngeram. Ananging sing sapa wani lan gelem nglakoni urip kanthi NRIMA sinartan loma, mesti  bakalane nemahi kahanan kang nengsemake.

 

Neng Kitab Purwaning Dumadi ana crita bab pawongan sing NRIMA ing sakdawane uripe. Pawongan kuwi jenenge Yusuf. Kawit cilik, amarga disenenge bapakne ora kaya sedulur-sedulure, Yusuf digething dening kakang-kakange. Saking gethinge mula nganti tumeka nampa pilara lan nganti klakon didol marang wong Mesir. Amarga NRIMA ing kahanan kuwi, sanadyan didol ananging Yusuf malah nemahi rejaning urip lan kahanan, amarga  diangkat dadi “Kepala Logistik” Kratoning Mesir. Amarga dadi kepala logistic lan uga nduweni kawruh bab obah osiking kahanan, mula Yusuf njur diangkat nampani drajad. Sanadyan kaya mengkono ora ndadekne Yusuf kumlungkung lan wegah kesandhung.

 

Lan ing nalikane pageblug nekani njagad, Yusuf wis cecawis. Sakjoning pageblug kuwi ing tundhane para wong manca pada dolan numpur beras lan uga para sedulure Yusuf kang wis ora isa ditepungi meneh. Nalika sepisanan ngerti rombongane kangmase, Yusuf nyoba endha ananging ora mungkin ngendani kahanan. Lan ing pungkasane, apa sing dikarepake klakon. Ngerti blegere para sedulutre, Yusuf kelingan lan trenyuh, ananging ora wani nangis. Lan nalika Yusuf ngaku sapa sejatine dewekne, para sedulure dadi keweden. Ananging Yusuf ngomong, ora usah wedi. Yusuf ngayemake atine para sedulure yen ora bakalan dewekne males apa kang nate dialami.

 

Yusuf NRIMA kabeh kang dialami, amarga nduweni pengandel yen kabeh kuwi wis kapirsan dening Gusti. Ora ana siji-sijia wae kahanan kang ora kapirsan dening Gusti Allah, lan amarga kapirsan lan kaidinan, mula mesti ana ancas sing apik. Tumrap Yusuf, kasangsaran kuwi mung saka perangan ngendi nyawange. Amarga percaya kabeh wis rinancang apik, mula sanadyan rekasa ing tata kamanungsan, kuwi mesti ngener marang bab kang apik. Sing baku, Yusuf isa NRIMA kabeh kahanan lan kuwi dadi kunci kanggo mbukak dalaning kabegjane.

 

“ In, jian kae dulurmu lanang sing bagus dewe sakisining kali, angel dingerteni dalan pikirane” Grundelane Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Weh, lha ana apa ta Lik, kok malah nggrundeli Kang Dal?” Takone Iin.

“Lha wong dipaido kok ya mung mesam-mesem wae, ora males lan menehi alesan. Dirasani kono-kene ya ora nate nesu, sakparipolahe dirasani ya meneng wae. Jian poll cah kui..” Lik Ndoleng mbacutke grundelane.

“Kuwi merga Kang Dal NRIMA kabeh kahanan Lik. Jare ora ana gunane nanggapi rerasanane liyan, kuwi didadekne energi kanggo tetep maju. Amarga jarene Kang Dal, nanggepi rembug’e liyan kuwi mung ngentek-entekne energi, aluwung dinggo mranata apa kang dadi SEDYA MULYA kanggo andum berkah..” Sambunge Iin.

“Aku kok angel NRIMA kaya Dalijo ya In?” Ujug-ujug Lik Ndoleng rada sareh.

“Isa Lik, mayar kok syarate. Kerep-kerep nyawanga mesrane Kang Markun karo Yu Wasti” Muni ngono Iin langsung nglungani Lik Ndoleng sing jik kami tenggengen.

“Dusss!!!!” Swarane Lik Ndoleng.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH