Senin, 24 Agustus 2020

NGAKON

 

Senen Pahing, 24 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Pangentasan 1 :1-7

Jabur 8

Mateus 23 : 1-12

“Para ahli Toret lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahane Nabi Musa. Mulane padha nglakonana lan nuruta marang sakabehing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduke, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhewe. Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangake ing pundhaking wong, nanging dheweke dhewe ndumuk bae ora gelem.Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.” Mateus 23:2-5

 

NGAKON kuwi tegese menehi gawean marang liyan, supaya nuruti kekarepane. Meh kabeh menungsa sejatine seneng ngayahi gawean iki, amarga pancen kepenak temenan, ora usah ngrekasa ngetokake tenaga lan bandha kabeh isa kelakon. NGAKON kuwi sejatne meh pada karo “Njaluk Tulung”, ananging sing mbedakne  menawa NGAKON kuwi rumangsa nduweni kuwasa, dene yen Njaluk Tulung kuwi amarga rumangsa ora isa. Mula yen dikon milih, mesti okeh sing seneng NGAKON tinimbang Njaluk Tulung.

 

Bab NGAKON kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus kang katujokake marang para sekabate. Dene anggone memulang nganggo conto lan sing dinggo conto kuwi patrape urip wong Parisi. Lha kepiye ta genah-genahe kok patraping urip wong Parisi sing dinggo conto? Kuwi amarga para wong Parisi kuwi senengane nglungguhi kalenggahan kang sejatine dudu duweke lan uga hobyne NGAKON. Yen Njaluk Tulung kuwi merga ora isa nglakoni, dene NGAKON kuwi jan-jane isa, ananging wegah. Semono uga para wong Parisi, kanggone wong liya kudu dilakoni, ananging kanggone awake dewe ora gelem nglakoni babarblas. Kanggo Liyan digawe aturan sing abote ngeram, dene kanggo awake dewe lan golongane digawe sakentheng-enthenge, neng Kitab Suci ditulis, “ Padha mbongkoki gegawan kanga bot-abot banjur ditumpangke ing pundake wong…”. Lha emane bongkokan kuwi ora digawa dewe, malah dikon nggawa liyan. Ana ing pamirsane Gusti Yesus, kuwi kabeh ora dikeparengake,babarblas ora.

 

Ing patrap uri jaman saiki ya ora sithik wong sing senengane  NGAKON. Sithik-sithik prentah utawa NGAKON, kamangka jan-jane isa dilakoni dewe, lan sing hobyne NGAKON kuwi mesti ketempelan sipat sing tansah rumaket karo bab seneng NGAKON, yakuwi Maido. Bab Maido iki meh kabeh menungsa seneng lan nduweni “bakat terpendam”, mula ora usah disekolahake wis wasise ngeram bab maido. Mulane, saiki ayo padha nyawang marang awake dewe-dewe, apa jik seneng NGAKON marang liyan, lan ora gelem nglakoni. Menawa jik senengane NGAKON, mesti mengko njur dieloni gawean liyane, yakuwi Maido. Kabeh ayahan kuwi ora dadi kersane Gusti Yesus, mula ya ayo ndang diguwang wae sakedoh-edohe.

 

“Jo, ana sing rerasanan bab BENINGE EMBUN ESUK, kok rada suwe ora njedul, gek ana apa ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo.

“Lha mbok diwangsuli ta Lik, wong ya mayar wae jawabane..” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Weh, lha apa wangsulane Jo?” Lik Ndoleng malah genten tekon.

“Ya takono dewe marang sing nulis, mbokmenawa nembe nduweni gawean liya. Aku dewe nyawiske lahan Porangku Lik..” Dalijo semaur sajak ora cetha merga sinambi ngekep MLDne sing meh urip.

“Mbok kowe wae Jo, sing nakokne..” Omongane Lik Ndoleng.

“Wong kok senengane NGAKON lik, mung takon dewe wae apa abote..lagean seneng kongkonan liyan, seneng NGAKON kuwi mbok aja dirumati..” Nduk Iin melu nimbrung rembugan.

“Tumben ora nyinggung Wasti In?” Takone Lik Ndoleng bab wasti.

“Moh..kesenengen sliramu Lik…” Unine Iin.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH