Senin, 17 Agustus 2020

KERAH

 Senen Kliwon 17 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK 


Yesaya 66 : 16-23

Jabur 130

Galatia 5 : 13-15

Mateus 8 : 1-13

Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan. Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”Dene manawa kowe padha kerah-kerahan lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti kowe tumpes-tinumpes. Galati 5 :13-15


KERAH kuwi basa ngindonesane “Saling Menggigit”, utawa cokot-cokotan. Istilah KERAH kuwi sejatine ora kanggo menungsa, ananging kanggo kewan. Dene menawa istilah kuwi dingo basa Kitab Suci, mirunggan ana ing basa Jawa, mesti nduweni ancas utawa tujuan. Yen manut penemuku, anane Kitab Suci nulis tembung KERAH lan katujuokake kanggo menungsa kuwi nduweni ancas, supaya menungsa eling yen ing sakjroning urip bebarengan kuwi isa wae tuwuh pasulayan lan ing pungkasane dadi tukar padudon utawa cokot-cokotan.

Manut Rasul Paulus adedasar laying pastorale marang pasamuan ing Galati bab 5 ayat 13-15, sapa wae menungsa kuwi katitahake MARDIKA, iki padha karo kang klakon ing dina iki, Negara Ngindonesa mengeti dina kamardikane. Yen neng laying pastorale, Rasul Paulus ngelingake menawa kamardikane menungsa kuwi ana rong perkara, sepisan Merdika saka paukumane dos lan ing kaping pinfone Merdika kanggo tumindak kang jumbuh karo kersane Sing Akarya Jagad. Ananging amarga ora kabeh menungsa kuwi diwasa, ora sithik sing kleru migunakne Kamardikane, ora malah dingo tumindak apik malah dingo tumindak sing ora bener lan pener.  Amarga migunakne kamardikan kang ora bener lan pener iki, ing sakbanjure nuwuhake KERAH ing antarane siji lan sijine.

Supayane ora tuwuh pasulayan utawa KERAH ing sakjroning urip beberengan iki, kudu sinau lan nyoba mangerteni kabutuhane liyan lan ngerem kekarepan pribadi. Menawa ora ana sing miwiti mengerteni kebutuhane Liyan lan  mung ngupayakne mareme awake dewe, mesti kang klakon KERAH ing sakwayah-wayah. Mula saka kuwi ayo saiki hamiwiti mangerteni kahanane Liyan sinartan ngerem samubarang kang dadi kekarepan pribadi, kuwi kunci urip sayuk-rukun lan tentrem raharja.

“Jo, aku jan-jane wis siyap arep karnapal lan sak pasangan mbek Markun, malah ana topik songolas. Ya ora sida klakon..” Lik Ndoleng miwiti rasanan karo Dalijo bab rencane karnapal bareng kang Markun.

“Weh, kok tumben niate sampeyan jian gut temenan ta Lik?” Wangulane Dalijo.

“Weldalah, kan urip bebaregan kuwi kudu isa mangerteni kebutuhane liyan lan ngerem kekarepane dewe Jo..” Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, paling kuwi ya mung strategi. Ben isa ngulik Kang Markun, mengko sakwise Kang Markun percaya, isa dolan-dolin neng mae kang Markun, lan kuwi kesempatan kanggo nyowang-nyaweng Yu Wasti..” Iin njedul nggawa kopi sinambi nguneni penemune Lik Ndoleng.

“Dusss..ngertiii wae cah siji iki!!” Lik Ndoleng sajak nesu, merga kabeh polahe wis kewaca ponakane wedok sing ayune ngungkuli wit cambah.


mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH