Rabu, 12 Agustus 2020

MERI

 

Rebo Kliwon 12 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 40 :1-23

Jabur 18

Mateus 20 :1-16a

Tembunge: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyabut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kabenteran. Nanging kang duwe pakebonan mangsuli marang salah sawijining wong mau: Aku rak ora luput karo kowe. Kowe karo aku rak wis padha sarujuk nyadinar sadina? Tampanana bageanmu banjur lungaa. Iki wis dadi karepku menehi wong kang mlebu keri dhewe padha karo kowe. Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma? Mateus 20 :12-15

 

Salah siji gawean sing mayar tur ya disenengi menungsa kuwi MERI. Kuwi kabeh isane klakon amarga pancen  sing jenenge MERI kuwi ora ndadak sekolah, apa meneh kuliah sundul langit, wis isa,malah kepara pintere ngeram. MERI kuwi ya ora nganggo modal gede utawa okeh, paribasan dodolan, MERI kuwi ora nganggo “paitan” wae kabeh isa entuk bathi sing okehe ngeram. Mula saka kuwi, sing jenenge MERI kuwi okeh sing seneng, lan amarga seneng mulane ya dirumat, malah diwenehi “panganan” sing enak lan ndadekne si MERI kuwi subur lan lemune ngeram.

 

Bab MERI kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus ana ing Kitab Suci. Critane lumantar pasemon, neng crita bab Kratoning Swarga kuwi, digambarake kaya Boss sing nggolek tenaga kanggo nyambut gawe. Saben kepethuk dijak rembugan, lan sakwise mathuk njur mangkat mbegawe. Neng crita kuwi, si Boss ketemu sing meh nyambut gawe ora bareng, beda wektu lan kahanan,ananging sing pada bab bayaran. Bareng wis sore wancine bayaran, kabeh nampa bayaran. Lha bareng padha ngerti jumlahe bayaran, njur sing mangkat esuk dewe ora trima. Sing mangkat esuk dewe MERI, amarga nampane pada karo sing mangkat keri dewe. Nalika protes marag si Boss, njur dijlentrehake, yen kabeh kuwi wis dadi kesepakatan, ora metung bab pirang jam kerjane.

 

Anane rasa MERI kuwi amarga petungane beda karo sing “Kagungan” wewenang metung.  Rumangsane kabeh kudu manut kekarepane, malah kepara si Boss sing oraliya ya Gusti Allah dewe malah meh diatur. Bareng ora isa diatur, njur nesu lan ngamuk. Nesu lan ngamuk kuwi bangunan sing pondasine MERI. Amarga meri, njur kabeh diamuk, kabeh dikritik lan dipaido. Amarga MERI, kabeh salah lan sing bener mung awake dewe. Amarga MERI, kabeh kudu manut kekarepane, ben liyan ora isa ngungkuli dewekne. Bab menungsa sing “ngrumat” MERI iki okehe ngera, kamangka ya jare beriman lan ya ketoke ya sholehe ngeram. Lan mbok menawa uga, ana sing maca tulisan iki sing jik “ngingu” MERI. Hayo, sing raine langsung njekathut kaya Jangkrik putus cinta, kuwi sing jik ngingu MERI.

“Jo, lha jare wingi Markun nambah bibit Porang ya?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik, nambah 80 kilo” Semaure Dalijo sareh.

“Wong kok kemakine ngeram, lagi pemula dolanan Porang kok langsung nandur semono okehe!” Lik Ndoleng sajak grundelan.

“Lha wis yakin satuspersen gek Lik. Ora usah MERI, pengen nandur ya kuwi jik ana bibit, sing penting regane manut aku..” Unine Dalijo.

“Haiyah..Paklik kuwi mung MERI kang, MERI karo Kang Markun, mula kabeh dipaido. Kui merga kalah saingan ngglimbuk Yu Wasti..mula tekan saiki kabeh bab kang Markun ora ana sing bener” Iin njedul lan langsung muni nyemesi Lik Ndoleng.

“Trondollo pethak…..malah tekan Wasti meneh! Dusss!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH