Rebo
Wage 26 Agustus 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Pangentasan
2 :15b-22
Jabur
8
Mateus
23 :23-26
Bilai kowe, heh para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh kowe
wong-wong lamis, sabab tuwung lan pinggan padha kokresiki jabane, mangka ing
jerone kebak isi rampasan lan kamurkan.Heh, wong Farisi kang picak, resikana
dhisik jerone tuwung iku, jabane iya bakal dadi resik.
Mateus 23 :25-26
Racak’e wong yen nduwe gawe mantenan
okeh sing didandadi, utawa ana ing istilah liya Dipaesi. Tembung dipaesi kuwi
asale saka lingga PAES, sing tegese diupakara supaya isa luwih. Dene bab luwih kuwi
rong perkara, isa luwih apik lan isa wae luwih elek, gumantung sing maesi lan
uga gumantung “peran” sing meh dilakoni. Hasil saka pakaryan Maesi kuwi isa
diarani PAESAN, sing tegese kahanan sing sejatine ora sakbenere. Lho kok ora
sakbenere? IYa, merga kahanan sing sakbenere wis ketutupan ubarampene si Juru
Paes. Hasil PAESAN kuwi pancen mangling, ananging sejatine ora langgeng, merga
kena barang liya sithik wae mesti wis isa ngowahi PAESAN kuwi mau. Sanadyan ora
langgeng, ananging PAESAN kuwi tetep dibutuhake kanggo ayahan-ayahan kang
pancen kudu dipaesi.
Ana crita neng Kitab Suci bab piwulange
Gusti, yakuwi bab PAESAN. Gusti ngelingake supaya urip kuwi nyawiji, yakuwi ing antarane tembung lan tumindak ora
beda. Para ahli Toret lan wong Parisi kuwi uripe mung kebak PAESAN, mung ben
ketok sengkut ing pranatan agama, ananging sejatine ora tumindak adedasar
katresnan babar pisan. Gegambaran kang diagem Gusti kaya dene tuwung sing
njabane diresiki, ananging njerone isine mung getih lan luhing liyan. Pancen sinawang
saka njaba tuwung kuwi resik lan malah kinclong, ananging kuwi mung sesawangan
saka njaab, kamangka isine ing njero jian nggilani temenan.
Ing jaman saiki ya ora sithik menungsa
sing “Gayaning Urip” kaya mengkono kuwi, seneng PAESAN. Bab ritual agama jian
sregepe ngeram, sithik-sithik muni basa-basa sing kinaranan masyarakat basa “kesalehan”,
ananging ing bab tumindak ya babarblas ora ngantepi pranataning katresanan sak
Gusti. Kaya sing tak karepke ing nduwur, bab PAESAN kuwi apik, suager pas
papane. Ananging yen tata urip ana neng ngarsane Gusti Allah sing maha pirsa,
lha kok malah Maesi kahananing urip, lha apa kaya ngene iki sing diarani
ngapusi Gusti? Mosok matrapi urip neng ngarsane Gusti mung PAESAN?
Ben ora kinaranan PAESAN neng ngarsane
Gusti, mula payo tumindak jejeg, ngantepi dhawuhe Gusti lan dilakoni. Dene bab
nglakoni kuwi ing sakwayah-wayah, aja mung yen rumangsa dimangerteni menungsa. Sauger
mapanake Gusti ing sakmestine, mesti ora bakalan matrapi urip kanthi PAESAN!!
“Kapesan Jo, sirku arep ngirit malah
ngorot..”Unine Lik Ndoleng nalika wedangan neng nglincak Sor Talok.
“Weh, lha ana apa Lik? Apa njawil Yu
Wasti konangan bulik Trinil?” Unine Iin saka njero pawon , pas nggawe kopi
sajak’e.
“Duss..mesti sangkamu kuwi
In..rakreatif! Apalan!” Lik Ndoleng semaur. “Wong iki bab aku ketilang pulisi,
merga nrabas lampu pengatur lalu lintas. Sirku wis sepi, njur ora ana sing njaga,ya
tak terak wae, jebul ana sesetipine..mula aku ya konangan njur ditilang.
Kamprettt tenan jian!”, Lik Ndoleng mbacutake grundelane.
“Mula urip kuwi aja mung PAESAN Lik,
taat mbek aturan mung yen ana sing njaga, kuwi ora apik. Ana lan orane polisi,
yen lampune jik abang ya aja nrabas. Kuwi salahmu Lik” Dalijo melu urun rembug
bab masalahe Lik Ndoleng.
“Rasah trenyuh Lik, rasah klara-lara,
ora mung kowe dewe sing matrapi uripe mung PAESAN. Kae sawangen, sing maca
BENINGE EMBUN ESUK sinartan mesam-mesem lan kala-kala mencereng, kae tandane
kerep mung PAESAN. Wis tak neng pawon, selak dipleroki budhe kae sing luuemune
ngeram..” Unine Iin njur mak brabat mlebu ngomah.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar