Jumat, 07 Agustus 2020

MISAH

Jemuah Kliwon 7 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 36 :1-8

Jabur 105 :1-4,16-22,45b

Mateus 19 :3-12

Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine. Purwaning Dumadi 36:6

 

MISAH kuwi tembung linggane Pisah, sing tegese pambudidaya supaya ora dadi siji meneh. Dene sebab-musabab’e MISAH kuwi maneka warna, isa merga disengaja lan uga merga ora disengaja. Sing cetha, babagan MISAH kuwi durung mesti nggembol ancas sing ala utawa ora becik, sanadyan ya ora sithik sing nglakoni tumindak MISAH amarga nduweni ancas ala.

 

Neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi 36, dicritakne bab kepiye anggone Yakub lan kangmase, si Esap ing pungkasane pisah. Dene sing miwiti nduwe sedya pisah kuwi sejatine Yakub, merga nalika dijak mlaku bebarengan malah pilih ngetutne neng mburine rombongane Esab, njur menggok ndalan ora ngener papan sing diener karo Esap. Msakwise Yakub MISAH saka rombongan anak-putune Ishak, njur Esap ya eling, mulane njur milih dalan sing uga menggok saka ener wiwitan. Esap ing pungkasane ya menggok ndalan, ora ngener sedya wiwitan, dewekne MISAH saka ancas wiwitan. Ing antarane Yakub (sing luwih ndisik) lan Esap, kabeh nduweni sedya MISAH. Kuwi isa amarga kahanan lane ling sejarah.

 

Yen merga kahanan,  Yakub lan Esap sadhar yen wong lan bandha sakmono okehe kuwi ora mungkin langgeng mlaku bebarengan, mula yen lelorone nduweni sedya MISAH ya mlebu nalar. Ing pikirane Yakub mbokmenawa uga jik nyimpen rasa wedi marang kangmase, sing nate dirampas hak pembarepe. Dene ana ing penemune Esap, mbokmenawa anggone njur melu MISAH (menggok ndalan) ya amarga eling ing wektu kawuri nalika dibulpus (diapusi) karo sedulure lanang kuwi. Dadi sejatine ing antarane Esap lan Yakub, wis sadhar yen urip grudugan kuwi ana bab sing krang becik,  mulane ya kudu MISAH.

 

Saka crita Kitab Suci ing ndhuwur, isa dipethik pasinaon apik bab urip bebarenga. Sepisan, crah lan beda penemu kuwi perkara sing lumrah, ananging sing luwih penting kepiye nalika nate crah njur isa rukun meneh. Kapindhone, nduweni kesadaran yen gembrudug kuwi ora tansah apik, mula nalika pengen pisah lan akhire MISAH ya sah-sah wae, ora usah ditangisi kaya prawan wedi disunat. Dene kang pungkasan, sauger anggone MISAH kuwi ancase supaya kabeh ngrasakne tentrem rahayu lan ora tansah dipayungi rasa was sumelang, kuwi apik tinimbang bebarengan ananging tansah kewedhen.

 

“Jo, aturngono’a kuwi dhederan wis urip ledung-ledung ngapa ndadak mbok pisahne?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, sing esuk kuwi wis sengkut mindahke dhederan Porang sing wistuwuh ledung-ledung.

“Iki lagi MISAH tanduranku Porang Lik, merga yen tetep dadi siji, ora maksimal, malah isa ora metu umbine. Merga nandur Porang kuwi sakliyane bulbile, ya umbine,ora mung bungah nyawang wit lan godonge” Wangsulane Dalijo jik disambi ibut MISAH dhederan Porang.

“Lha ngerti ngono ngapa ora mbok langsung tandhur neng lahan wae?” Lik Ndoleng jik nguyak pitakonan.

“Yen langsung neng lahan,isa ora tuwuh Lik, isa dicakari pitik, mula tak dheder neng polibek sik” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Kuwi kaya kang Dalijo Lik, kabeh dirancang, ben kasil. Aja mung sakarepe dewe, bareng ora kasil njur nesu,malah jik ngogreh-ogreh sing kasil. Kaya sampeyan kuwi, nguyak Yu Wasti ora serius bareng diwengku kang Markun njur nesu,malah jik ngupaya MISAH..” Muni ngono, Iin sinambi ngeblas neng arah wetan, meh neng warunge yu wasti.

“Kecukmbendhoo…malah tekan Wasti meneh!! Dusss..mesti kena …” Batine Lik Ndoleng.

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH