Selasa, 04 Agustus 2020

KEWEDHEN

Selasa Pahing 4 Agustus 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 32:3-21
Jabur 17 :1-7,15
Mateus 18 :1-5,12-14
Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.” Ing kono Yakub wedi banget, lan atine miris, mulane para bature, wedhuse, sapine lan untane banjur diperang dadi rong pantha. Purwaning Dumadi 32 :6-7

Tembung KEWHEN kuwi linggane wedhi, sing tegese ora wani. Dene bab ora wani kuwi karo apa utawa sapa, ora penting, sing penting Wedhi kuwi ora wani ngadepi kahanan kang bakalan klakon. Saka lingga Wedhi kuwi njur isa dadi tembung KEWEDHEN, sing tegese kahanane tutah, mbuh kuwi kewan apa menungsa, sing gemeter poll amarga ora wani ngadepi kahanan. Sakliyane gemeter, sapa wae sing ngalami kahanan KEWEDHEN, isa ngrasuk halusinasi. Nyawang apa lan sapa wae jian Wedhine ngeram. Mbokmenawa ana sing maca tulisan iki, njur nate ngalami kahanan KEWEDHEN, ayo padha andum pengalaman. Dene andume pengalaman ya neng kolom komentar nggih..hehe. 

Mbalik neng kahanan KEWEDHEN, kuwi isane klakon mung nalika menungsa (yen titah liyane ora dong), nate nglakoni luput utawa kleru. Merga nate nindakne kaluputan utawa tumindak kang ora bener lan Pener, mula njur nemahi kahanan kang wedhi banget, utawa KEWEDHEN kuwi. Neng Kitab Suci ana crita bab pawongan kang ngalami kahanan KEWEDHEN, yakuwi Yakub. Merga wis ngrampas Hak Pembarep saka kangmase, mula njur minggat lan nggembol Wedhi sing ora karuwan. Yakub pancen luput, mula lumrah yen KEWEDHEN, lha wong dudu duweke kok dirayah, dirampas. Amarga KEWEDHEN kuwi mau, nalika meh kepethuk karo “sing ditatoni”, yakuwi ora liya kangmase dewe, si Esap, Yakub ngrancang tumindak kang Urik, supayane ben aman. Lha “urik’e” Yakub kuwi merga ngedum rombongan dadi rong grup, ancase menawa siji sirna, sijine isa mlayu. Ketok yen Yakub kuwi nduweni sipat licik poll.

Ing jaman saiki, patrap tumindak kaya Yakub kuwi jik nggladeg, akehe ngeram. Okeh wong sing tumindak murak-sarak,nabrak apa wae tatanan-tatananing urip mung merga kepengen marem. Okeh sing wani ngrampok utawa ngrayah sabarang kang dudu duwek’e, amarga kepengin lan ora isa ngendaleni pepinginan kuwi. Lan sakwise klakon banjur tuwuh rasa Wedhi sing gedene ngeram, utawa ginubet ing kahanan KEWEDHEN. Mula, supaya ora tumeka ing kahanan KEWEDHEN, aja tumindak murang-sarak lan sakumpama tumindak luput, enggal-enggal njaluk ngapura kanthi iklasing manah.

“Jo, wingi kae Sarkali ngapa mrene?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo bab dolane Sarkali.
“Dolan wae Lik, sinartan dewekne rumangsa luput, merga salah etung bab Bibit Porang sing dituku” Wagsulane Dalijo sareh.
“Weh, lha apa kowe ngerti yen sejatine kapusan Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Ora, mung wae Sarkali jujut kok Lik, ngrumangsani nampa sing dudu darbek’e, mula njr dolan lan njaluk ngapura. Dekne crita, janjane wedhi, ananging luwih ngrasa KEWEDHEN nalika ora jujur” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.
“Kuwi Lik, diconto! Aja kaya sampeyan, tumindak murang-sarak,malah bungah. Jarene hebat isa ngulik kang Markun. Ya kan Lik, sampeyan ora rumangsa salah nalika njowal-njawil Yu Wasti? Malah sajak bungahmu ngeram..” Iin kaya biasane, njedhul lan melu nyemproti Lik Ndoleng.
“Trondolo buntungg…Kok ya tekan Wasti ta Innnn??” Batine Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH