Sabtu, 15 Agustus 2020

PANGLING

 

Setu Pon 15 Agustus 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 42 :1-37

Jabur 133

Mateus 23:1-12

Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane. Purwaning Dumadi 42:8

 

Mbokmenawa saka kabeh sing maca tulisan iki wis dong karo tembung PANGLING, yakuwi tembung sing nduweni arti “ora kelingan maneh marang kahanan kang nate ditepungi”. PANGLING kuwi kahanan, mula isane klakon ya nalika sakwayah-wayah. Dene kang marakne PANGLING kuwi ya werna-werna, ana sing amarga suwe ora kepethuk, ana sing amarga mung kenal-kenalan lan ora diresepake ing njero ati, uga merga kahanan kuwi sengaja arep dilalekne. Okeh bab kang isa marakne menungsa lumebu kahanan PANGLING.

 

Ana crita Kitab Suci kang menehi pangerten bab PANGLING, yakuwi crita bab kepethuke Yusuf kang wus mulya neng Mesir karo para kadhange sing katemben sengsara lan rekasa. Amarga kahanan kang klakon, para kadhange Yusuf  PANGLING. Iki beda karo kahanae Yusuf sing ORA PANGLING. Lho kok isa beda kepiye? Para kadhange Yusuf uripe dikemudekne karo rasa gething, srei lan lara ati, kuwi nate dialami lan sasaran rasa serik,gething lan srei kuwi ya Yusuf. Merga rasa ala kuwi mulane njur nganti  milara lan ngedol adine marang bangsa manca. Bubar kuwi njur lali lan bareng ing wayah kang bedha kepethuk meneh dadi PANGLING.

 

Beda karo Yusuf, sanadyan digething ora nate mbales serik lan gething, amarga Yusuf mapanke kabeh kang nempuh uripe kuwi “Lelakon”. Anane lelakon merga ana sing nglakokne, dene kapercayane Yusuf bakuh bab urip kuwi ana sing mranata. Tumrap Yusuf, amarga urip iki “Lelakon” mula ora isa dipisah-pisahake siji kahanan karo sijine. Urip kuwi lumaku lan mesti tumuju marang kahanan kang kinersakake dening Sing Kagungan Urip. Merga kahanan kang kaya mengkono kuwi, Yusuf percaya yen kabeh tumindake para sedulure kuwi (mbuh kayangapa larane) pancen dikersakne dening Gusti. Kuwi kabeh kang njalari Yusuf ora PANGLING marang para kadhange.

 

Ing jaman saiki lelakon kaya Yusuf lan sedulure ya jik akeh. Ana gething, ana srei,ana serik lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh isa marakne wong lali marang sejatine urip yen kabeh kuwi sedulur. Merga gething njur ora gelem srawung, merga serik njur ora gelem seduluran lan sakpanunggalane. Mula saka kuwi, apik yen sinau carane urip saka Yusuf, ora nyawang lan mapanake kabeh mung adedasar kahanan wektu kuwi, ning nyoba nyawang rancangan gede saka sing Nggawe Urip, mesti bakalane nampa kahanan apa wae kang klakon kanthi esum kang ngujiwat.

 

“Jo, ngandi dulurmu wedok, kok sewindhu ora ketok?” Takone Lik Ndoleng.

“Weh, lha Iin kan ben ndina neng ngomah ta Lik, mosok PANGLING?” Dalijo mangsuli lan uga malah mbalik takon.

“Weladalah, apa iya Jo?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Pancen Lik, pirang-pirang ndina iki Iin nembe kokean pikiran, mula pasuryane ya njengkarut kaya alas kobong. Kuwi sing marakne sampeyan PANGLING lik, yen aku ora. “ Wangsulane Dalijo.

“Iyo PANGLING karo aku kang, wong sing ana neng pikirane Paklik mung Yu Wasti, Yu Wasti lan Yu wasti. Mung Yu Wasti thok thill!! Bulik trinil mung sampiran..”Muni ngono Iin sinambi nyelehake gelas isi kopi lan Kimpul Bakar sing gosonge kokean.

“Dusss..sidane kuwi meneh!!!” Unine Lik Ndoleng sajak seru, mbuh saiki wis wani muni sing jarene para wong “suci” pisuhan!

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH