Senin, 03 Desember 2018

LUNGA’A


Senen Pahing 3 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 17:1-11
Jabur 90
Markus 16:15-20
“Gusti Yésus banjur paring dhawuh marang murid-muridé: “Padha lungaa, ndlajahi sajagad kabèh, Injilé Allah padha wartakna marang saumat kabèh.” Markus 16:15

Sing diarani lunga kuwi nalika ngobahna awak, supaya pindah seka papan siji nyang papan liyane, sanadyan mung cedak. Dene ana ing basa padinan, utamane ana neng ndesa-ndesa, tembung lunga kuwi isa dinggo srana nyemoni kanthi ancas isa ngasilke apa wae sing dibutuhke. Ing kahanan iki, njur njedul tembung LUNGA’A, sing tegese ngakon supaya obah, ninggalke kahanane, dene tujuane  kuwi supaya ngasilke apa wae sing migunani tumrap panguripan iki.

Sanadya iki suasanane adven, ananging  surasane wacan lekionari dina iki ana sing ngemu surasane paskah. Iki ya ora dadi ngapa, sauger isa ngrasakne suasana adven ana ing nats paskah. Gusti paring dawuh, supaya para siswane “lunga” utawa obah, dene tujuane obah utawa lunga kuwi supaya ninggalke kahanane sing saiki. Kahananan bebarengan, grudag-grudug sing nyenengke sing ora isa ngetokne wong sing luwih akeh, mula saka kuwi njur kan lunga. Lunga kuwi ninggal apa wae sing nembe ana ing uripe. Ninggalke klangenane sing awujud males, kemakhi,kumenthus, ora gelem dijak maju,rumangsa bener dewe,ora gelem sinau lan sakpiturute.

Manut dawuhe Gusti Yesus, supaya para siswane LUNGA njur ngetokne owah-owahaning urip (sing apik lho ya, aja owah sing ala), mula saiki becik, yen ing mangsa adven iki ya pada gelem lunga saka kahanane sing kepenak, ananging ora ngetokne woh apa-apa. Lunga seka tradisi kuna sing mung nyenengke kekarepane diri pribadi, lunga seka kahanan lawas, sing katon endah ning blas kwalitase ora jelas, lunga seka kebiasaan ora merduli njur dadi merduli liyan. Pokok’e ayo “LUNGA” saka kahanane awak’e dewe saiki, tumindak luwih apik lan migunani meneh.

“Jo, ngko bengi yen rapat natalan, usulna, rasah nganggo nothol, eh mangan sing kaya biasane”, Lik Ndoleng usul nyang Dalijo.
“Lha yo mbok mangkat dewe, njur usul dewe, tinimbang nitip. Alean sampeyan ra mangkat apa lik?”, Wangsulane Dalijo.
“Gah…kesel aku, palinga ya mung ngono-ngono wae rapate. Ngrembug dekor,konsumi,hiburan,rapernah ngrembug sing luwih jeruu”, Lik ndoleng neruske kojahe.
“Ra mangkat rasah kokean rembug lik, ngisin-isini.” Nduk I’in melu ngakon Lik Ndoleng mangkat rapat. “Mbokya obah sitthik ta Lik, kaya pangandikane Gusti kuwi, dikon LUNGA ngabarke kabar apik”
“Paklik rung isa mop on In, wedi yen usule radikanggokne”, Dalijo semu ngece.
“Pada kowe JO, ora isa mop on seka Tarsi, nganti dadi Josep, Joko Kasep”, Lik Ndoleng kumat anggone ngece ponak’ane.
Dusss, Trondoloo bolong..wong tuwek ratata, dikon apik malah  ngoso wong liya”, Batine Dalijo, meh muni wedi karo sing maos BENINGE EMBUN ESUK..hihi

Ayo pada obah, njur LUNGA nindakne kersane Gusti lur….

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH