Sabtu, 01 Desember 2018

CUMAWIS


Setu Kliwon 1 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 9:26-31
Jabur 25:1-10
Lukas 21:34-36
 “Padha jaganen awakmu dhéwé. Aja nganti kowé mung mikir enggonmu pésta-pésta waé; aja kakéhan mikiraké bab ruwet-rentenging uripmu, nganti bareng Dinané Pangéran teka dadakan, kowé ora cumawis.” Lukas 21:34

“Atur ngono’o, janjane sing meh teka kuwi sapa ta Lik, lha kok resik-resik seka jam 4 esuk ora rampung?” Nduk I’in esuk kuwi, dinane etu kliwon, nakoni bapakne Cilik, Ndoleng.
“Jobo’o budemu bar ngabari, yen suk setu kliwon arep mampir”, Wangsulane lik Ndoleng.
“Aku dewe ora paham nduk, jam pira tekane budemu, ning wingi ngabari yen setu kliwon iki meh teka”, Sambunge LIk Ndoleng. “Mulane kuwi, aku tata-tata,resik-resik, lan nata-nata ben luwih esip”
“Iki kuwi sing jengene CECAWIS,kang tujuane methuk tekane dayoh sing bakal teka. Sing dicawiske ya apa sing dadi kebutuhane tamu. Cen rekasa, ananging dadine luwih siap” Sambunge Lik Ndoleng.
“O.ooo..ngono ta critane, ya esip kui Lik”, Nduk I’in nyemangati bapakne cilik.

Dina iki, setu Kliwon, tanggal 1 Desember, wiwitan wulan adven, yakuwi CUMAWIS methuk rawuhe Gusti. Apa sing kudu dicawiske? Akeh, ning isa diringkeske mung dadi sakperkara. Lha apa kuwi? Nata urip supaya bener,pas ana ngarsane Gusti. CUMAWIS, tegese nyawiske apa wae sing dibutuhne. Sing atine jik nesunan,ilangi. Sing  jik kemlinthi ya guwang, sing  jik kerep goroh, uncalno neng pawuhan. Anane Advent iki cen tujuane kanggo nyawiske apa kang dibutuhke pasamuan.

Injil Lukas njlentrehke minangka piwulang, supaya menungsa CECAWIS methuk rawuhe Gusti. Tujuane ya supaya siap siyaga, ora klalen. Awit akeh menungsa sing nglali bab Gusti, bareng nampa paukuman, njur lagi eling. Ayo pada nyawiske ubarampening percaya. Ayo mratobat, ayo makarya, ayo apura-ingapura lan sakteruse. Kuwi kabeh njagani rawuhw Sang Pamarta.

“Kang Dal, kok lagi ngetok, ngandi sewengi? Mbok kaya paklik kae, sanadyan wis tua lan ketok elikk bangitt, ning tansah sregep makarya. Contone reresik omah, merga entuk kabar arep ana tamu”, Nduk I’in nyaruwe Dalijo.
“Bener wae paklik semangat, lha sing maringi kabar kuwi Yu Wasti. Pokok’e yen bab Yu Wasti, paklik kuwi semangate poll”, Semaure Dalijo sinambi crak-crek ngempanke rek’e merga meh nyumet djarumsupere.
“Trondolo tenan Jo, umpono ora wulan desember, klakon takpisuhi tenan kowe!!”, Unine LIk Ndoleng, sajak nesu semu gojek, wong ya ana meseme sithik, kaya sing maca renungan iki, mesem semu nesu, merga ana pisuhane… Sepurane mbakyu, kangmas, paklik, bulik,pakde,bude, mbahe..ben ora sepaneng. Sing penting iki wis wulan desember…siap-siap nyawiske parcel…

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH