Minggu, 09 Desember 2018

NGRATAK’KE


Minggu Pon 9 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Maleakhi 3:1-4
Lukas 1: 68-79
Filipi 1:3-11
Lukas 3:1-6
“Jurang-jurang kudu diurugi, lan gunung-gunung sarta punthuk dirata. Dalan sing ménggak-ménggok kudu dilencengaké, sing mendhak-mendhukul kudu dirata.” Lukas 3:5

Sing jenenge nggawe dalan kuwi ora gampang, apa meneh yen kuwi dalan anyar. Nggawe dalan anyar kuwi kudu siap rekasa, kudu siap ngadepi sabarang pepalang lan panggoda. Kudu NGRATAK’Ke, lan sakjroning NGRATAK’Ke kuwi ya kudu siap ngurug sing jurang lan semono uga kudu siap mapras sing mbedukul. Yen jurange jeruu, mbutuhke urug sing ora sethitik, kudu siap nggolek urug uga. Sakliyane ngurug, yen calon dalan kuwi kebak wit eri bandotan, kudu siap mbabati, ngresiki lan menawa kepethuk sing mbedugul, kudu siap mapras. Maprase isa nganggo pacul,nganggo tangan, lan uga isa uga kudu nganggo bego utawa eskavator. Pokok’e nggawe dalan anyar kuwi rekasa.

Dalan sing meh diliwati Gusti Yesus kuwi kudu rata, mula menawa ana sing awujud jurang lan mbedugul kudu diratakne. Kabeh sing ditulis minangka gegambaran ing nduwur kuwi bab sing nyata, dene kersane Gusti kuwi, sing diarani dalan kagem Panjenengane, kuwi ya uripe awake dewe iki. Sing diarani jurang kuwi sipat utawa watak. Sifat minderan, sifat pelit, sifat cuek, sifat jirih, kuwu kudu kaurug. Dene ujud’e urug akeh, isa awujud motipasi seka kanca, awujug pangerten anyar, awujud pengalaman anyar lan sakpanunggalane. Dene sing diarani mendhak mudhukul kuwi sipat utawa watak sing kemaki, sombong, kumenthus, sok pinter dewe, sok hebat dewe lan sakteruse, kuwi kabeh kudu diratakke, dene gawean NGRATAK’KE kuwi ora gampang, malah kala-kala rekasa.

Ing minggu adven kapindo iki, ayo pada NGRATAK’KE tata uripe dewe-dewe, sing jik kemaki, nesunan ayo diowahi, sing jik pelit, ayo loma,andum berkah, pomeneh pas natalan mengko,aa lali atur panuwun karo Gusti, sing kesed ayo enggal gumbregah, supaya uripe dewe dadi dalan alus kagem rawuhe Gusti.

“Kang Dal, wis krungu kabar rung?”, Nduk I’in takon dulure lanang.
“Kabar apa?” Takone Dalijo.
“Tarsi wis mudik lho”, wangsulane Nduk I’in. Dalijo mak gragag, njenggirat, kaget semu bungah, njur mesam-mesem dewe.
“Ndong Jo, yen wani, parani. Ning tak bethek, kowe ora wani, kowe jirih, wanimu seka kadohan, kaya ayam alas,kluruk pas adoh, cedak’I biru cenggere”, Lik Ndoleng melu semaur.

“Duss..kowe ki mesti ngece aku ta Lik, mbokrasah nggaya, kaya wani-wanio karo Yu Wasti”, Dalijo wegah kalah, nyemes Lik Ndoleng.
“Wis..wis..wis, rasah olok-olok’an ayo pada NGRATAK’KE uripe, kanggo rawuhe Gusti” Nduk I’in misah eyel-eyelane Dalijo lan Lik Ndoleng..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH