Senin, 17 Desember 2018

RUKUN


Senen Legi 17 Desember 2018
BENINGE EMBUN

Wilangan 16:1-19
Yesaya 11:1-9
Matius 1:1-17
“Asu ajag bakal rukun karo cempé, lan macan tutul bakal njerum jèjèr karo wedhus bérok. Pedhèt lan anak singa bakal reruntungan, diengon déning bocah cilik.
Sapi lan bruwang bakal nyenggut suket bebarengan, lan anak-anaké padha jèjèr njerum sapanggonan. Singa lan sapi padha-padha mangan damèn.
Bocah cilik padha dolanan ula mandi tanpa wedi.” Yesaya 11:6-8

Rukun kuwi klakone nalika ana pihak luwih seka siji sing isa nampa siji lan sijine. Rukun kuwi ora kudu pada, ora kudu eragam. Rukun kuwi kahanan, sing sarwa beda ananging isa tampa tinampa kanthi endah apik lan nyenengake.

Gegambaran rukun ana ing Kitab Yesaya jian pas tenan, samubarang sing sejatine ana neng padinan memungsuhan, brakot-brakotan, ora ana esem sing tinemu ananging ginambarake isa  atut rukun ora memungsuhan. Kabeh kuwi nalika urip mung manut kersane Gusti, ora manut karepe menungsa sing mung arep mbrakot ing antarane siji lan sijine. Kahanan RUKUN kuwi ora ana pasujanan ing antarane siji lan sijine, kabeh jaga-jinaga,ora duwe karep natoni lan ndadekne kapitunan liyan.

Apa sing diandarake ing nduwur pancen kosok baline kahanan sing klakon saiki. Lha wong saiki menungsa angel kon rukun, malah kala-kala luwih ganas tinimbang Singo lan Ula, srakah ora njamak,numpuk banda donya lan ora eling sakpepada sing ya mbutuhne.

“Lik, suk natalan jare kejatah among tamu karo kang Markun, siap ra Lik?”, Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Haiyo turah siap wae Jo, padakne awakmu, yen wis ketaton raisa ngapura. Aku ora ngono Jo, saiki meh ngupayakne RUKUN karo sapa wae, karo masa lalu uga”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Jos lik..tak dongakne klakon tenan..ora mung lamis wae”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Aku melu kowe In, ndongakne wae, muga-muga klakon. Sanadyan aku jik mangu-mangu karo paklik, paling mung ben dialem Yu Wasti”, Unine Dalijo semu nglirik Lik Ndoleng..Sing dilirik bekah-bekuh raisa njawab merga bulik Trinil ana neng cedak’e..

Ayo pada RUKUN lurr..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH