Senin, 24 Desember 2018

MLETHEK


Senen Pon 24 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 9:1-6
Jabur 96
Titus 2:11-14
Lukas 2:1-14
“Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti.” Lukas 2:11

Mbukak sing orasakwutuhe, mbukak sethithik, kuwi sing diarani MLETHEK, yen wis MLETHEK kuwi tandane meh mbukak sakwutuhe lan nalika wis mbukak sakwutuhe, kabeh isa disawang kanthi lengkap,wutuh. Sing isa MLETHEK kuwi sejatine mung barang, ananging ing jaman saiki isa dipapanake mungguh apa wae, merga tembung MLETHEK kuwi isa dingo gegambaran. Sing isa dingo conto ya nalika esuk-esuk kae, mesti ing karang padesan jik akeh sing niteni lan nunggu srengengene MLETHEK, sing tegese wanci bengi peteng wis ilang ganti awan sing padang. Sepisan meneh, srengenge sakdurunge sumunar wutuh, kawiwitan saka sithik lan mbaka sithik dadi wutuh, ora langsung wutuh kaya wanci jam 12 awan.

Kabar bab miyose Sang Pamarta ana ing Bethlekhem ndadekake para pangon kaget oran njamak. Lire kepiye? Merga yen kuwi Sang Pamarta, Sang Mesih kenapa kok malah sing dikabari para pangon?Awit para pangon kuwi nduweni anggepan yen Sang Mesih kuwi  sing bisa nundung para penjajah lan nguwalake bangsa ngisrael saka panides. Mula bareng dikabari Malaekat yen Sang Mesih wis miyos, lan para pangon sing dikabari, ora gumun yen para pangon kaget. Sakwise kaget, njur para pangon ngrasakne MLETHEK’ing pengarep-arepe,mula sakwise Malaekate pamitan, njur andum gawe,sapa sing njaga weduse lan sapa sing “Tilik Bayi”.
Saka crita neng Injil Lukas kuwi, ana pasinaon sing isa dipethik lan diagem kanggo pepadanging urip, sepisan, Sang Pamarta kuwi ngrawuhi para sedulur sing lagi katindes lan siningkir panguripane supaya isa MLETHEK pengarep-arepe. Kapindho, sapa wae sing entuk kabar apik, aja mbok tokne wae, enggal-enggala parani lan buktekna kabar kuwi mau, supaya sampurna. Mula ing pengetan natal iki, ayo MLETHEK’ake kesadarane dewe, kapedulene dede, kasetyhane dewe supaya isa sansaya sampurna ing wektu sing wis tinantu.

“Jo, ngko bengi mangkat ngibadah malam natal ra?”, Takone Lik Ndoleng..
“Yo iyes no lik..aku meh ketemu dulur-dulur seka kutha, meh ngabarake kahanane, mesti apik-apik”, Wangsulane Dalijo.
“Meh mangkat jam pira kang Dal?”, Takone Nduk I’in.
“Jam 3 sore In”, Wangsulane Dalijo sinambi klepas-klepus nikmati djarumsupere..
“Weladalah kang Dalll, ibadah jam 8 wengi jam 3 meh mangkat ki ya arep ngapa?”, Semprote I’in.
“Halah, biasa ta In, meh liwat ngarepe Tarsi, po ngerti isa nyawang,wong ya palinga Dalijo mung imbas-imbis kae, wong pengarep-arepe agi MLETHEK, tokno wae” Lik Ndoleng nebak sing dialami lan dipengini Dalijo.
“Duss…konangan modusku..”, Batine Dalijo karo jik klepas-klepus, meh muni rawani, wedi didukani sing pada maca tulisan iki…

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH