Selasa, 04 Desember 2018

WERUH


Selasa Pon 4 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

2 Samuel 7 :18-29
Jabur 90
Lukas 10:21-24
“Kowé kuwi wong sing begja banget, sebab kowé weruh prekara-prekara sing kokdeleng iki.” Lukas 10:23b

WERUH kuwi kahanan. Kahanan nalika menungsa ora mung bisa nyawang lumantar mata, ananging uga bisa paham lumantar kabeh kahanane urip. Nalika nyawang mung migunakne mata, WERUH luwih saka kuwi. Womg sing nyawang durung meti WERUH ananging yen wong WERUH mesti wis tahu nyawang. Wong isa WERUH apa sing dadi botrepote sakpepadane sakwise ngrungokne, nyawang lan ngrasakne apa sing dirasa sakpepadane.

Gusti Yesus nate ngalem para siswane wong begja nalika isa WERUH sabarang kang klakon ana neng sakiwa tengene uripe. Dene sing diarane marakne begja para siswa yakuwi nalika para siswane isa WERUH perkara-perkara sing pada dideleng. Para siswa diparingi kalodangan nyawang lan lumantar nyawang banjur ia WERUH kahanan sing klakon. Para siswa WERUH apa wae sing obah mosik ing sakiwa tengene, WERUH apa sing njalari kabeh kahanan klakon, WERUH yen sing lumaku kuwi ana neng pamirsane Gusti, WERUH yen Gusti mesti nulungi menungsa sing mbutuhne pitulungan, sanadyan kayane ana neng tata pikirane menungsa ora tinemu nalar.

Gusti ngendika bab begja kuwi ditujokne marang para siswane sing mentas “Mulih” seka ngayahi tugas saka Gusti. Para siswa kuwi bubar mrangguli kahanan sing ndadekne gumun, sebab isa nundungi demit lan setan. Lan kabeh kuwi ndadekne pratanda yen pangwasane setan lan demit wis dikalahke dening Gusti.

“Wis tahu WERUH Gusti Yesus Jo?”, Takone Lik Ndoleng nyang Dalijo.
“Durung Lik,lha sampeyan?” Dalijo genti takon.
“Yuh mesakne temen ta Jo, seprana-seprene durung tahu WERUH Gusri Yesus.
“Aku ya durung lho Lik, serius”, Nduk I’in melu nimbrung. “Lha sampeyan kapan ta lik WERUH Gusti Yesus?”
“Ben wayah aku isa WERUH Gusti Yesus, malah tangi turu wae langsung isa WERUH Gusti Yesus. kowe kuwi mesti mbayangke Gusti Yesus kaya nggon gambar-gambar lukisan kae ya?” Pitakone Lik Ndoleng.
“Iyo lik”, Bebarengan Dalijo lan Nduk I’in mangsuli.
“Ngertenana ya, bab WERUH Gusti kuwi ora mung winates nyawang lumantar mripat, ning nyawang lumantar ati,rasa lan kapercayan. Nalika esuk tangi turu, njur aku ndonga,njur nyang mburi, njur keprungu swasa “Kricik..kricik..kricik…” aku isa WERUH Gusti. WERUH yen Gusti ngrumati uripku. Orasah ndadak nyawang sing kaya gambar kae, malah isa wae kuwi malah mung ndobos, mung ngapusi”, Lik Ndoleng crita.
“Jebul mayar ya lik?”, Pitakone Dalijo.
“Mayar mbahmu kipper kuwi, wong mayar wae kowe sing rung WERUH, kaya kahananmu, akeh wong wadon kok kowe ora rabi-rabi”, Lik Ndoleng sian ngece Dalijo.
“Bajindul…diece meneh karo bocah tuwek iki”, Batine Dalijo, meh muni wedi diarani dosa sing maca tulisan iki..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH