Selasa, 25 Desember 2018

MAK PLONG


Selasa Wage 25 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 62:6-12
Jabur 97
Titus 3:4-7
Lukas 2:8-20
“Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau.” Lukas 2:17

Sapa wae sing maca tulisan iki, muga-muga pernah ngalami sing kaya mengkene. Nalika lagi lelalu utawa ana sak tengahing dalan ngrasa pengen pipis, njur angel nggolek papan kanggo pipis, mesti rasane ora karuan. Sakdawane ndalan fokuse mung bab kepiye supaya ora kebrojolan. Lan nalika nemu papan sing pas kanggo “nyunta k emosi”, mesti sing dirasakne ya “MAK PLONG”. Ana rasa lega,marem lan kabeh kuwi ndadekne kahanane awak isa padhang nyawang lan nampani kahanan.

Apa sing dialami para pangon, nalika semana, sakbubare dikabari Malaekat bab miyose Sang Mesih, banjur marepat, andum gawe, la nana sing kejatah nunggu Wedus-Weduse, ana sing kejatah nilik’i Bayi sing nembe miyos. Kabeh nyambut gawe, kabeh ngayahi ayahan,kabeh nanggung resiko. Sing njaga Weduse kudu ngayomi saka kewan sing arep ngganggu, sing kudu ngecek bener lan orane kabar saka Malaekat ya kudu mlaku adoh, nggoleki alamat neng ngendi anane Bayi sing nembe lahir kuwi. Mendah rekasane sing kudu nggoleki Bayi kuwi, merga mestine sing bayen ya ora mung siji. Mbiyen durung ana gugel mep sing isa nuduhne alamat kanthi cepet, ananging rombongan pangon sing kejatah nggoleki ora pupus pengarep-arep, lan nalika akhire isa nemokake, mesti sing dirasakne ya MAK PLONG, lega.

Iki tanggal 25 Desember, dina natal. Iki dina miyose Sang Pamarta, sing tegese miyose Juru Wilujeng. Kudune menungsa ya ngrasakne MAK PLONG merga wis ora kaukum maneh, sebab’e ukumane wis ditebus dening Gusti , lumantar rawuhe Sang Bayi, Sang Mesih ana neng njagad. Mula saka kuwi, sing isa ngrasakne MAK PLONG, kuwi sing isa nyawiske ati lan urip kang sejati kanggo RAWUHE Sang Pamarta, lan tanda MAK PLONG kuwi ya kudu siap ngapura salah lupute liyan, kudu gelem tetulung, nggatekne siji lan sijine, sregep makarya lan sakpanunggalane.

“Kang Dal, ayo mengkat, selak telat, ngko yen telat entuk nggon ngarep lho”, Nduk I’in ngajak Dalijo cepat mangkat natalan.
“Beres, aku wis siap kawit jam 3 mau In”, Dalijo semaur.
“Kok kayane bungah men koe Jo?”, Lik Ndoleng nakoni Dalijo, merga ngrasa Dalijo mesam mesem teres.
“Anu lik, aku ngko ra linggih jejer sampeyan ya, aku arep jejer Tarsi, mang mbengi ujug-ujug ngajak aku, mulane rasane atiku ya MAK PLONG”, Wangsulane Dalijo.
“Cie..cie…bungahe atikuu”, Nduk I’in nyauri bungah semu ngece.
“Rasah meri Lik, rasah njejejri Yu Wasti, karo Bulik Trinil wae, nyawange Yu Wasti jejer sarimbit karo Kang Markun”, Dalijo ngomong semu ngece sinambi nglirik Lik Ndoleng.
“Trondolo..natalan jik bgece koe Joooo..”, Batine Lik Ndoleng, meh muni wedi didukani sing sok maca renungan BENINGE EMBUN ESUK..hahaha

Selamat Natal Nggih…
Bosse Ndolengers.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH