Sabtu, 08 Desember 2018

MBABAHI


Setu Pahing 8 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Maleakhi 4:1-6
Lukas 1:68-79
Lukas 1:26-38
“….Kowé diutus déning Gusti Allah minangka utusan sing ndhisiki tindaké, prelu nyawisaké dalan kagem Panjenengané…” Lukas 1:76b

Sing saka ndesa mesti ora bakal lali karo gawean iki MBAHBAHI. Yen lali tegese ora asli ndesa, umpama’a ndesa ananging mbiyen babar blas ora tahu nyambut gawe ngrewangi bapak lan simbok’e. apa ta MBABAHI kuwi? Kuwi gawean sing dilakoni kanggo miwiti pothek jagung. Biasane panenan jagung ndesa kuwi jian tuwek tenan, mula nganti keleng-keleng kae. Merga mengkono kuwi, mulane yen meh dipothek’I, angele ora umum, mulane kudu dibabahi. Srana utawa piranti kanggo MBABAHI kuwi akeh, salah sijine Kero sing dicopot seka garan’e, uga isa Kikir sing sok dingo ngesah graji. Merga angel, mula sing suwe anggone MBABAHI, isa-isa mlenthung driji tangane. Ananging, sanadyan angel, ning gawean MBABAHI kuwi jian migunani tenan, supaya anggone pada mothek’i jagung cepet, isa dipepe, garing,didol lan dadi duwit.

Crita bab MBABAHI, manut dhawuhe Gusti, rawuhe Yokanan kuwi ndisik’i rawuhe Gusti supaya isa MBABAHI dalam kagem Gusti. Yokanan entuk prentah nyawiske dalan. Sing jenenge nyawiske dalan kuwi ya mesti wae akeh sing kudu ditata, disingkirke, diratakke, diurug lan sakpanunggalane, supaya sing arep ngliwati luwih kepenak.  Yokanan kudu MBABAHI dalan sing  bakal diliwati deneing Gusti Yesus kanggo nylametke jagad iki. Sandyan ora mayar, ning kudu dilakoni dening Yokanan, mula manut crita sakbanjure, Yokanan anggone  netepi timbalan mau lumantar serius, direwangi tirakat  ana neng saktengahe ara-ara samun, lan uga mung dhahar sak anane, ora mewah-mewah. Kuwi kabeh kanggo MBABAHI dalan kagem Gusti.

Yen Yokanan tinimbalan kaya mengkono kuwi, kudune awak’e dewe (sing maca tulisan iki) ya kudu siap. Siap kanggo nyawiske dalam kagem Gusti, siap repot,rekasa lan kesel. Sing  jenenge MBABAHI kuwi pancen rekasa, ananging yen kuwi kersane Gusti, mesti bakal nampani apa kang dadi srananing kabutuhan. Aja pisan-pisan nampik timbalan, aja kokean alesan, lakonono wae, sanadyan gawean kuwi ora popular, ora nyugihke banda. Pada sumadya’a nyawisake dalan, pada sumadya’a MBABAHI pakaryan apik.

“ Jo, sesuk magkata esuk, mruput, supaya  ora kedisik’an manuk Emprit”, Prentahe Lik Ndoleng, sing ngakon Dalijo  nunggu parine sing lagi  mlecuti, supaya ora dientekne manuk Emprit.
“Biyuh, jik esuk brubut Lik, dalane jik okeh embune”, Wangsulane Dalijo.
“Mula kowe kuwi ora gek rabi-rabi Jo, lha wong lanang karo embun wae wedi!  Aja-aja kowe kuwi ya wedi sakabehe Jo? Mula njur kabeh inceranmu kedisik’an wong liya?Kaya sregepe manuk Emprit sing ndisik’I wong tani nikmati wohing pari?”, Lik Ndoleng semu ngece Dalijo.
“Duss, iki bab nunggu manuk  mangkat esuk, kok tekan rabiiii…ningcen yo angel pakaryan sing diarani MBABAHI kuwi”, Batine Dalijo,sepisan  meneh misuhe Dalijo mung dibatin,wedi dirasani sing maca tulisan iki..
Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH