Sabtu, 22 Desember 2018

MLEKROK


Setu Legi 22 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 66:7-11
Jabur 80:1-7
Lukas 1:46-56
“Merga Panjenengané nggatèkaké aku, abdiné sing nistha! Wiwit saiki saben wong bakal ngarani aku wong begja.” Lukas 1:48

Saben esuk, yen gelem nyawang kanthi wening, akeh tetanduran sing kembange MLEKROK. Apa ta MLEKROK kuwi? Mlekrok kuwi kahanan sing kelakon tumap kembang sing lagi mbukak kuncupe,alon-alon nganti ora isa disawang dening mata wadag lan mengko ngerti-ngerti wis sinawang wutuh. MLEKROK’e kembang kuwi merga akeh kahanan, merga wis wancine lan uga merga kahanan sakiwa tengene sing nyengkuyung. Dadi MLEKROK’e kembang kuwi nandani obahing kahanan, tumuju marang kahanan sing luwih apik,luwih endah.

Apa sing diungelake ibu Maryam neng Lukas 1 ayat 48 kuwi isa sinebut MLEKROK’e pracaya. Lire piye?Lha sakdurunge isa ngungelake sing kaya kuwi, ana batin sing abot nampa kahanan sing klakon. Dadi sakdurunge kapercayane ibu Maryam kuwi MLEKROK, kudu ngliwati kahanan sing jian rumpil tenan. Kudu ngandut sanadyan durung nate worsare karo rama Yusuf, iki wis dadi keanehan lan isa dipoyok’e akeh wong, sakbanjure entuk kabar yen bulik’e yakuwi Elisabet ya ngandut lan kudu mbuktekne kuwi. Kabeh kahanan sing ora ngepenak’ake kuwi dadi sran utawa lantaran MLEKROK’e kapercayane ibu Maryam.
Mula saka kuwi, yen lagi rumangsa ngadepi masalah, malah masalah kuwi dirasakne umpuk-undhung, aja kuatir,aja minder, kuwi sejatine Gusti lagi “Nyawiske” papan kanggo nampani berkahe sing luwih guedii,luwih ngedap-edapi. Sepisan meneh, yen ngadepi perkara sing akeh, aja disawang yen kuwi momotan, apa meneh ukuman. Kuwi kabeh dadi lantaran anggone Gusti nyawisake berkah. Kuwi kaya wong tani anggone nenandur utawa panen. Sansaya suwe anggone nglakoni sebab’e akeh sing kudu ditandur lan sing kudu dipanen. Ya kaya ulat’e para sedulur tani sing lagi panen akeh kae, mesti sumringah,kaya kembang sing MLEKROK kang anggandha arum lan sinawang endah..

“Nduk, kuwi dulurmu lanang mulih seka latihan natalan kok nyonya-nyanyi dewe, ngguya-ngguyu dewe, kaya wong waras, jan-jan’e lagi kencok’an apa ta?” Pitakonane Lik Ndoleng neng Nduk I’in.
“Mbok takon dewe wae ta lik, wong ya menuse ana,kok ndadak klesak-klesik”, I’in mangsuli sinambi ndondomi klambine bojone, dene Dalijo malah plengah-plengeh maca hape karo klepas-klepus, mbuh sapa sing nukokne Dajrumsupere.
“Dal..Dalijo…sesuk terna bulikmu Trinil nyang pasar yo, bar kuwi sisan nyumbang, njur layat,bar kuwi pethuk’en ponakamu, njur cucekno hondaku ya, aku arep ngeterke undangan natalan”, Lik Ndoleng ndawuhi Dalijo.
“Siappp….laksanakan..”, Karo mesem Dalijo semaur.
“Oalahhh..genah mau bengi pas latihan neng nggreja kepethuk Tarsi lik..hmm..mulakno raine sumringah, kaya kembang telek-telek’an sing MLEKROK”, Nduk I’in isa nebak knapa Dalijo dadi sumringah,dadi MLEKROK rakaruan..

Ayo MLEKROK’e atine dewe ditampilke minangka cara mapag Natal iki..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH