Jumat, 21 Desember 2018

NJONDHIL


jemuah Kliwon 21 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 42 :10-18
Jabur 80:1-7
Lukas 1:39-45
“Merga nalika aku krungu swaramu awèh salam, bayi sing ana ing wetengku nggronjal krana saka bungahé.” Lukas 1:44

NJONDHILkuwi kahanan nalika kaget, dene kaget kuwi bisa merga akeh kahanan. Ana sing kaget njur NJONDHIL merga entuk kabar apik, ana uga kaget njur NJONDHIL merga entuk kabar ora apik. Sing genah, NJONDHIL kuwi merga ana kahanan sing ora sakbaene sing dirasakne dening titah sing nduweni nyawa, merga sing ora nduweni nyawa, ora mungkin kaget banjur NJONDHIL. Ana sawernaning kewan sing NJONDHIL merga kaget, banjur jumaga lumantar kahananing raga sing beda, kayata Uler Lintang, nalika kesenggol apa wae,banjur wulune mekrok supaya natoni apa lan sapa wae sing nyenggol awak’e, lan kewan-kewan liyane uga nduweni cara kanggo nelak’ake yen lagi kaget njur NJONDHIL.

Saka crita Kitab Suci, ana crita bab Bayi sing ijik neng weteng NJONDHIL nalika ibune nemoni kahanan sing mbungah’ake. Kuwi crita nalika Maryam sing mentas entuk kabar seka malaekat yen meh mbobot merga mujijate Gusti ketemu karo Elisabet, sing nembe mbobot putrane. Dene crita mbobote Elisabet kuwi ya merga pakaryane Gusti, merga putra sing kinadut kuwi bakal ndisik’i utawa nyawisi dalan tumrap pakaryane bayi sing nembe dikandut dening Maryam. Ana sesambungan apik antarane Maryam-Elisabet lan Bayine Maryam uga bayine Elisabet. Sesambungan  apik mau nuwuh’ake tanda-tanda sing nggumunake, ya contone NJONDHIL’e bayi sing dikandut dening Elisabet mau, yen ora ana sesambungan sing apik, mokal ana reaksi sing nggumunake kaya kuwi.
Saka crita iki, pasinaon sing isa dipethik yakuwi yen sesambungan apik, mesti nuwuhake kahanan sing apik, yen sesambungan utawa komunikasi sing apik, ndadekne kahanan luwih nyenengake, isa NJONDHIL’ake apa wae, tegese isa ndadekne GUMUNING wong akeh.
Mula saka kuwi, yen ing desember iki arep padha mengeti lan mahargya natal utawa NATALAN, sing kudu dieling yakuwi, upayakna sesambungan katresnan sing apik, lan  buktekna kuwi kabeh lumantar kahanan sing isa ndadekne wong akeh NJONDHIL merga gumun karo pakaryan apik sing mbok lakoni.

“Lik, sida melu ulur wit-witan ra suk natalan?”, Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Lha aku kui yo arep melu Jo, ning kok malah mikir, iki natalan kan kudune nyanyi,nrungokne kotbah,pentas, madang lan sakpiturute, lha kok malah nandur wit-witan kuwi pie karepe, pora nyalahi Kitab Suci?”, Lik Ndoleng sajak bingung.
“Kitab Suci renek dhawuh natalan lik”, Nduk I’in melu nyoal-nyael.
“Jare Mbah’e, Natal kuwi lair, mula sing pada ngrayakne kudu miwiti lair ana neng uripe. Dene wujud’ing lair kuwi isa lumantar akeh tumindak, sing baku, tumindak’e kudu migunani apik kanggo liyan. Dene nadur wit-witan kuwi jian apik tenan lik, isa ndadekne alame edum,isa ngetokne sumber lan apik kanggo anak putu”, Wangsulane Dalijo, sinambi nyumet tegesan Djarumsupere, merga kentek’an kayane.
“Nggere desember, kok mletik utekmu Jo?”, Takone Lik Ndoleng.
“Kuwi mesti merga entuk kabar yen Tarsi wis mulih ndesa wingi tanggal 20 lik”, Nduk I’in muni karo nglirik Dalijo sing NJONDHIL entuk kabar Tarsi mudik..

Mbahe..






Cathetan: Dilarang Nggolek Info sapa sejatine Tarsi...ngko didukani Kang Dalijo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH