Rabu, 24 Agustus 2022

MITULUNGI vs NGRUSAK

 

Rebo Pahing 24 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 7 : 27-34

Jabur 10

Lukas 6 : 6-11

Gusti Yésus nuli ngandika marang para ahli Torèt lan wong Farisi mau: “Aku arep takon: Apa sing didhawuhaké déning prenatané agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawé becik, apa gawé ala? Mitulungi apa ngrusak nyawa?”

Lukas 6 : 6

 

Ing basa jawa ana istilah “Kosok-balen”, yakuwi tembung kang dadi mungsuhe, kayata “ Cedhak karo Adhoh, Dawa karo Cendak,  Sugih karo Mlarat. Kabeh mau nggambarake kahanane jagad kang isih manggon ana ing “tataran spiritual dualitas”, anane mung loro, apik mungsuh elek, peteng mungsuh padhang lan sakbanjure. Kabeh mau tumeka saiki jik diuripi dening menungsa, sanadyan jarene wis beragama, ananging kerep ora dong babagan urip sing sejati.

 

Ana pangandikane Gusti Yesus kang tinulis ing Injil Lukas, ing kono nyritakake gambaran urip kang anane mung rong perkara, utawa ana  neng dimensi dualitas. Anane Gusti ngendikani kaya mengkono kuwi, merga para wong sing diwulang pancen ijik manggon neng tataran spiritual dualitas. Ing Injil Lukas bab 6 ayat 6-11 dicritaake babagan carane para ahli toret metani salahe Gusti Yesus. Oiya, para ahli toret kuwi keturunane tekan saiki okehe ngeram, malah mbokmenawa ana sing maca tulisan iki, ciri-cirine seneng metani salahe liyan. Hehe..  Mbalik neng critane Injil Lukas, nalika iku dina sabat, ndelalah ana wong sing tangane ceko..Ngerti kang kaya mengkono kuwi, para ahli toret nyanggong, nggoleki salahe Gusti. Ana ing penemune ahli toret, marasake wong lara neng sabbat kuwi dosa, merga nerak ukume Gusti Allah.

 

Ndelalah Gusti marasake, lan banjur nakoni marang ahli toret, babagan dhawuhe Gusti ing dina sabat. “ Apa sing didhawuhake ing dina Sabat,gawe becik apa gawe ala? MITULUNGI apa NGRUSAK? Jan-jane para ahli toret ngerti yen ing dina sabat kudu tumindak apik, ing dina sabat kudu MITULUNGI lan ora malah NGRUSAK, ananging merga atine wis buket-lekoh dening kekarepaning kamanungsan, mula ora direwes babagan tumindak katresnan, anane mung bengak-bengok bab katresnan.

Apa ing jaman saiki, patrap urip kaya dene ahli toret kuwi jik ana? Waduh, aku ora wani ngarani, sumangga para pamaos mirsani piyambak.Yen ora, ayo ngrungkone jagongane Lik Ndoleng ce’es.

 

“Jo, apa bedane “kegiatan rohani” lan lelaku rohani?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Ya cetha beda ta Leng, saiki seka tembunge wae wis beda..”Kang Solebo malah sing mangsuli.

“Ora tekok kowe Bo,rasah crigis!” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen kegiatan rohani, kuwi ya mung kegiatan kang katone rohani Lik.Manggon neng papan-papan karohane, nembang utawa nyanyi karohanen, maca buku karohanen.Ananging ora dadi lelakuning urip.Lha, yen LELAKU ROHANI kuwi, tumindak sing ora nengenake kamanungsan, mung manut panuntune dhawuh Sang Roh. Biasane lelaku rohani kuwi ora gathuk karo kekarepan raga kamanungsan Lik” Semaure Dalijo sinambi udud.

“Weh, apa kuwi tegese olehku ngibadhah saksuwene iki klebu “kegiatan rohani” ya Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha kuwi kari Paklik sing isa mangsuli, apa saksuwene iki ancase karohane Paklik MITULUNGI liyan apa malah NGRUSAK liyan?” Semaure Dalijo.

“Lha olehmu mogakne Markun dines luar kota kae, ora merga ben tambah mukti urip lan kariere Leng, kui merga niatmu arep njawil Wasti..” Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Duss..!! Konangan cahh.!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH