Rabu, 10 Agustus 2022

NGLAKONI KEWAJIBANE

 

Rebo Pon 10 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 24 : 14-23

Jabur 11

Lukas 12 : 41-48

Begja temenan abdi sing sarawuhé bendarané ketemu nglakoni kewajibané.

Lukas 12 : 43

 

Akeh gegambaran kanggo nggambarake urip neng ngalam-ndonya iki, ana sing ngarani kaya wong mampir ngombe, ana sing ngarani lelakuning urip nggayuh klanggengan, ana sing ngarani wektu kanggo reresik cikben isa manunggal sejti karo Kang Maha Langgeng lan an uga sing ngarani yen urip neng ngalam-ndonya iki Wayah Pasuwitan. Jenenge wae pasuwitan, mesti ana sing disuwitani lan kuwi isa kinaranan bendara. Ing penemu iki njur ana rong perkara, abdi lan bendara. Bendara sing disuwitani menungsa neng ngalam-ndonya iki ya Gusti Allah, kang wus nitahake.

 

Minangka abdi, mula ana kang dadi kewajibane marang bendarane,yakuwi ngayahi sabarang kang dadi prentahe bendarane. Babagan iki nate dadi piwulange Gusti Yesus kang tinulis ing Injil Lukas. Neng kana Gusti Yesus menehi piwulang babagan tanggungjawab. Nalika kuwi Gusti nembe memulang babagan tanggungjawab,lan Petrus takon kudu kepiye ngayahi tanggungjawab kuwi.Ing kana jebul ana sing wegah nampa tanggungjawab, ananging gelem nampa bebulihe, ana uga sing kebablasen nglakoni tanggungjwabe. Paribasan mung kejibah ngrumat limang perkara, lha ana abdi sing saking semangate njur thakah-thakah ngumat selawe tanggungjawab. Absi kuwi kumlungkung merga rumangsa cedak karo bendarane, rumangsa luwih bendara tinimbang bendara.

Nemahi kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti ngelikake, Begja temenan abdi sing sarawuhe bendarane nglakoni  kewajibane. Mung winates nglakoni apa kang dadi kewajibane, ora luwih lan ya ora kurang. Lha yen kurang ya ora pener, uga yen kuwih, merga sing nglakoni sing luwih kuwi rumangsa dadi bendara, sanadyan mung abdi.

 

Ing jaman saiki babagan wegah ngayahi kewajiban lan ngayahi kewajiban ngluwihi tanggungjawabe kuwi ya ora sithik. Kabeh kepengin linuwih, malah kepara kepengin padha karo Gusti Allah. sing kudu dieling, menungsa tumiba ing dosa sepisanan kuwi merga kepengin dadi padha kaya Gusti Allah. Lan ing jaman saiki, menawa ana abdi sing ngayahi ayahan ngluwihi kewajibane, kuwi isa kinaranan  memper tumindake rama Adam lan ibu Kawa nalika tumiba ing dosa. Mulane, sing padha ngati-ati, aja endha saka kewajiban lan uga aja ngayahi ngluwihi kewajiban.

 

“Wah, saiki bareng munggah dadi panitia pitulasan, sajake Sukirmah sansaya nggleleng Jo.. ngakon rapat wae kaya tentara..” Sambate Lik Ndoleng nalika jagongan neng Lincak Sor Talok pas mulih seka rapat pitulasan.

“Cen padha sing takrasakne Leng, biyuh…saiki lagake ngungkuli presiden…kamangka mung ketua panitia pitulasan..mendhah-neo yen dadi lurah, mesti ndase sansaya gede..”Kang Solebo melu urun rasa-pangrasa.

“Pacen okeh wong sing seneng dialem, seneng ngayahi ngluwihi kang dadi wajibe. Lan manut kitab suci, dosa wiwitan menungsa kuwi nalika menungsa kepengin padha karo Gusti Allah.”Dalijo ya melu nimpahi rembug.

“Lha iya, Sukirmah kan biasane mung kesuSU miKIR oMAH,lha bareng didapuk dadi panitia..lagake jian…” Grundelane Lik Ndoleng.

“Haiyah, ora mung Sukirmah Leng, okeh wong sing seneng ngayahi ayahan kang sejatine dudu kewajibane, rumangsa isa njur kabeh dikwasani…welingku..sing padha ngati-ati..wae..” Unine Kang Solebo.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH