Selasa, 16 Agustus 2022

NAMPIK

Selasa Wage 16 Agustus 2022

BENINEGE EMBUN ESUK




Yesaya 5 : 24-30

Jabur 74

Para Rasul 7 : 44-53

Kowé nampik dhawuhé Pangéran, Kang Mahakwasa, Allahé Israèl. Mulané kaya déné damèn lan suket garing entèk tapis dimangsa ing geni, kaya mengkono uga oyodmu bakal bosok kabèh, kembangmu dadi garing lan sirna kabur ing angin.

Yesaya 5: 24

 

NAMPIK kuwi tegese nulak utawa ora nampa, dene apa sebab-musabab’e kok isa NAMPIK kuwi bisa maneka werna, isa merga ora ganthuk, isa merga abot lan liya-liyane. Kosokbaline tembung NAMPIK kuwi Nampa, kang tegese nrima samubarang dumadi ana ing awak utawa uripe, sanadyan cengkah utawa ora jumbuh karo kekarepan kamanungsane. Dadi babagan tembung NAMPIK lan Nampa kuwi perkara sing lumrah lumaku ana ing lakuning urip menungsa lan titah liyane ing njagad iki, kawit mbiyen tekan saiki lan bakalan saklawase jagad mubeng.

 

Babagan NAMPIK lan Nampa kuwi nate dadi pangandikane Gusti kang  uga minangka piweling saka Gusti Allah tumrap menungsa nalika jamane nabi Yesaya. Ing wektu kuwi kahanane menungsa  padha ora nampa Pangandikane Gusti utawa NAMPIK dhawuhe Gusti, kaya kang tinulis neng Yesaya 5: 24, “ Kowe NAMPIK dhawuhe Pangeran Kang Mahakwasa…” Akibat NAMPIK Pangandikane Pangeran Kang Mahakwasa, mulane  menungsa dadi kaya damen lan suket garing kang entek resik merga kaobong dening geni, dene oyode bakalan bosok lan kembang-kembange dadi garing, pungkasane dadi resik lan ilang tanpa guna.

 

Lha jan-jane apa ta Pangandikane Pangeran marang menungsa kok sajak abot temenan anggone nglakoni kuwi? Apa dikon nawu segara? Apa dikongkon njuggrugake gunung? Dudu, dhawuhe Pangeran Kang Mahakwasa kuwi cikben menungsa manembah marang Gusti Allah kanthi tulus,iklas,jujur lan kuwi mung isa dilakoni lumantar nglakoni patraping urip WELAS ASIH marang titahe Gusti Allah. Jamane Yesaya, babagan ngibadhah apik temenan, ananging ora ngener marang Gusti Allah, mung nguja kemaremaning kamanungsan.Katone sengkut ngibadhah, ananging  babarblas ora nglakoni katresnan kaya kersane Gusti. Kuwi kabeh kang kinaranan NAMPIK dhawuhe Gusti Allah.

 

Njur apa ing jaman saiki kahanan kaya menungsa ing jamane nabi Yesaya kuwi ijik ana?Wah, yen kuwi BENINGE EMBUN ESUK ora wani mbiji utawa “menilai”, merga babagan mbiji utawa “menilai”kuwi mung Gusti Allah kang kagungan. Mung wae, payo ndeleng menjero, ndeleng neng telenging batin, apa wis  isa ngayahi dhawuhe Gusti Allah apa durung, babagan nresnani sakpepadha, bab sangkul-sinangkul lan lung-tinulung, kuwi isane kejawab mung nalika wening ing batin. Mula saka kuwi, payo ngasah landheping bebuden kanggo maca lakuning jaman, carane ngasah landheping bebuden kuwi mung srana lumebu ing jagading wening, sakliyane kuwi sajake ora ana dalan liyane. Sing kudu dieling, aja nganti pisan-pisan NAMPIK dhawude Gusti, sanadyan lara neng ati, merga sing sapa sing NAMPIK mesti bakalan resik kobong dening kahanan.

 

“Jo, jian…iki mbahe apa kleru nggawe judhuling tulisan..kok sajak ora kepenak aku macane?” Lik Ndoleng sore kuwi gupuh neng Lincak SOr Talok, njajal njaluk katrangan saka Dalijo.

“Weh, babagan apa Lik? Apa babagan kriminalitas?” Dalijo sajak melu gupuh.

“Nulis jejering tulisan kok saru….kamangka wis kadhung diwaca wong akeh…” Katrangane Lik Ndoleng meneh.

“Leng, endi sing mbok karepake?” Takone kang Solebo.

“Mosok judule tulisan BENINGE EMBUN ESUK saru..nyebut sing sinengker..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Disawang sing permana ta Leng, kowe jebule ora isa mbedakne hurp “E” karo hurup “A”, apa malah merga pikiranmu sing wis buthek, mula nyawang wae ora tabling?” Unine Kang Solebo.

“Oalah, aku sing luput lur, raisa mbedakne E karo A…”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet udude sing mau kober mati merga gupuh.

“Mula, aja keSUSU mbiji, njur kemrungsung…diwaca kanthi permana..” Ngendikane Pakde Kento, sing njedul meneh, sakwise suwei ora njedul.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH