Setu
Legi 13 Agustus 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
3 : 18-4:6
Jabur
80 : 1-2,8-19
Matheus
24 : 15-27
“Kénging menapa pageripun Paduka jugrugaken,
ngantos saben tiyang ingkang langkung ngrampasi? Andhapan sami nggangsiri, lan
kéwan ing ara-ara sami nyengguti?”
Jabur 80 : 13-14
NGGANGSIRI kuwi tembung kag asale saka lingga
Gangsir, yakuwi kewan kang memper Jangkrik, bedane yen Gangsir kuwi isa nduduk
lemah dadi bolongan minangka omahe, mula njur diarani NGGANGSIR, yen Jangkrik
arang sing isa nduduk lemah kanggo omahe, isane mung nunut bolongan sing wis
ana. Mula saka kuwi tembung NGGANGSIRI isa diwenehi arti tumindak kanthi
sengaja kanggo nduduk lemah cikben dadi bolongan lan sakwise dadi bolongan isa
ndadekake apa wae kang ana ing ndhuwure dadi rubuh utawa ambruk. Neng kitab Jabur
ana crita babagan kahanan kang lumaku, nalika Asaf ngrasa yen kabeh diorak-arik
dening Gusti. Kahanan kuwi kayadene taman sing tandurane anggur lan
pager-pagere digawe jugrug lan lemah kanggo papane oyod-oyode digawe bolong
kaya omah Gangsir, mula kinaranan NGGANGSIRI.
Apa kang tinulis ing kitab Jabur kuwi sejatine
gegambarane urip neng alam-ndonya iki, yen urip bebrayan kuwi kaya dene taman utawa kebon kang isine wit-witan.
Jenenge wae taman utawa pakebonan, mesti wae ana bates-batese kang ditandhani
lumantar pager lan wit-witane ya mesti ana oyod-oyode, kabeh isa sinawang
endhah-edipeni nalika tanpa ana gangguan saka apa wae. Ananging nalika ana angin
lesus,pagere isa jugrug lan nalika lemahe okeh
Gangsire mesti papan oyod-oyode dadi ringkih lan gampang ambrol, ora
bakuh meneh.
Angin Lesus neng urip bebaryan kuwi isa wae
awujud omongan sing diumbar mrana-mrene lan isa ngrubuhake pager-pagering
katresnan, kamangka sing diumbar kuwi suwung, tanpa isa babarblas merga ora
ngerti sing sakbenere. Dene kang kinaranan NGGANGSIRI kuwi tumindak sing ora
katon, ananging malah mbebayani merga mbolongi saka njero. Yen disawang katon
apik, kayane ora ana apa-apane, kamangka njerone wis bolong merga kahanan
NGGANGSIRI wis lumaku lan sansaya ndadra.
Mula saka kuwi para sedulur, diawas lan
diati-ati ing sakabehe, ora mesti kahanan sing katone apik lan nyenengake kuwi
asli. Ora sithik sing mung lamis, kaya gawehane Gangsir sing mbolongi lemah
tanpa sinawang lan ujug-ujug ambrol la rusak kahanane. Mula saka kuwi, payo
padha ngati-ati,payo padha eling lan waspada karo panggaawe-panggawe kang
asipat Gangsir kang pancen gaweane NGGANGSIRI, cikben ora ambruk tatanan apik
kang wis rinengga dening Gusti. Uga marang sapa wae sing tanpa sadhar malah
ngayahi ayahane GANGSIR, ndang padha eling, merga sanadyan kuwi marakne ayem
merga isa nggawe omah, tumindak kuwi isa ngrusak tatanane jagad, lan ngrusak
kersane Gusti.
“Jo, tandhuran Jeruk sing nembe tuwuh nggonmu
kae kena apa kok ana sing alum?” Takone Kang Solebo nalika sore kuwi ngunoni
tanduranne.
“Mikirku mung kurang siraman banyu Kang, jebul
ngisore ana omah Gangsir, bolongane okeh, mula njur ambruk..” Semaure Dalijo.
“Wah, pancen Gangsir kuwi gaweane ngono,
mbolongi lemah, ora mikir kahanan ing sakndhuwure..” Omonge Kag Solebo meneh.
“Yen Gangsir pancen gaweane ngono lur, lha yen
menungsa polah-tingkahe kaya Gangsir, utawa NGGANGSIRI pora malah kojur..Ketoke
wae alus,apik, semanak….jebul mbolongi seka njero..”Unine Lik Ndoleng saka Sor
Wit Klapa, ngeyup merga sajak kepanasen.
“Kaya sampeyan niku Lik, NGGANGSIRI brayate
Kang Markun, sajake nukoni udud, ananging jik sok mbathi,njawil…”Iin teka
nggawa kiriman sinambi urun rembug.
“Jindulll…cah siji iki….!!!” Swarane Lik
Ndoleng, sinambi mbatin, pancen ayahan NGGANGSIRI kuwi ngrusak, ananging piye,
lha asyik je njarag kahanan kuwi…
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar