Selasa
Pon 13 Desember 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Yehezkhiel
47 : 1-12
Jabur
42
Yudas
1 : 17-25
“Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu. Wong iku padha
entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan
wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong
kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.” Yudas 1 : 22-23
NGENTASAKE kuwi linggane mentas, sing
tegese metu saka sakjroning kahanan. Mula saka kuwi tembung NGENTASAKE isa
nduweni teges pambudidaya ngetokake samubarang saka sakjroning kahanan. cikben ucul
saka bebaya. Papan bebaya kuwi okeh, isa
ginubet ing hawa nepsu, isa ginubet ing petenging pikiran, isa ginubet ing lara
ati, isa ginubet ing rasa kuciwa lan liya-liyane. Sapa wae sing kecemplung ing
kahanan kang sinebut ing ndhuwur, pancen mbebayani, amarga isa marakake lali
marang urip lan sing nggawe urip. Ben ora dadi bebaya, mula sapa wae kang
cinemplung ing kahanan ing ndhuwur kudu ndang dientasake lan ana sing iklas gelem NGENTASAKE.
Babagan NGENTASAKE kuwi nate diwulangake
kitab suci, mirunggan dening Rasul Yudas ana ing surat Yudas 1 ayat 22-23. Ing
kana Gusti (lumantar rasul Yudas) memulang, “..welasana wong sing mangu-mangu.
Wong iku padha ENTASNA…” Saka piwulang iki isa dipethik pasinaon, yen kahanan
mangu-mangu kuwi kaya dene kedhung kang kebak banyu lan uga jero banget. Merga
jero,kuwi bisa mbebayani. Semono uga kahanan mangu-mangu, ginubet hardening nepsu
kadonyan, pikiran peteng lan lara ati, kuwi kabeh isa nyilakani menungsa, mula
kudu mentas lan yen ora isa mentas dewe kudu ana sing NGENTASAKE. Pancen ora
gampang ngayahi ayahan NGENTASAKE, merga kudu cucul ing okeh kahanan, cucul
wektu, tenaga, rasa lan uga pra-bea. Mung wong sing wis rampung karo awake dewe
wae sing wani nempuh dalan angel kanggo NGENTASAKE liyan saka penganceme
bebayaning urip.
Sanadyan angel, ananging urip iki
sejatine kinersakake dening Gusti Kang Maha Kwasa kanggo matrapake WELAS ASIH,
Lung-tinulung, sangkul-sinangkul ing sadengah kahanan. Mula saka kuwi, payo
pada mentas saka kahanan urip sing mbebayani. Dene yen ana sing ora isa mentas
dewe, payo ngupadi cikben isa NGENTASAKE para sedulur sing pancen butuh
pitulungan. Dieling lan sing waspada, merga okeh sing ora sadhar menawa uripe
sejatine ginubet ing iri,srei,dendam,lara-ati,mangu-mangu lan kabeh kahanan
kang ora becik, payo ndang sadar lurr..
“Lik, wingi kok ora mangkat rapat
panitia natalan, ngandi Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika
jejagongan ana Lincak Sor Talok.
“Anu, Hmmm..aku nembe ndandani lampu Jo…mula
raisa mangkat rapat..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune.
“Haiyah, padune wegah sakpanitia karo
Markun wae, kokean alesan Leng…” Kang solebo urun rembuk, nalika nembe njedul
neng cakruk lan banjur linggih neng Lincak.
“Ora usah ngrumati lan ngingu
dendam,lara-ati,kuciwa lan sakpanunggalane Lik..iklasne wae…” Unine Dalijo.
“Iklas wae Lik, pancen paklik kalah
sakabehe karo kang Markun…” Iin melu urun rembuk saka pawon, merga jik nggae
kopi.
“Jindull….konangan meneh..” Batine Lik
Ndoleng.
@kaburkanginan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar