Kamis, 18 Agustus 2022

SENGIT

 

Kemis Legi 18 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6 : 1-19

Jabur 71 : 1-5

Ibrani 12 : 3-17

Padha ngèlingana prekara-prekara sing dialami déning Gusti Yésus, nalika ngadhepi wong dosa sing ngesokaké sengiting atiné marang Panjenengané. Jaganen supaya atimu aja nglokro lan semplah. Awit enggonmu perang nglawan dosa kuwi durung nganti mutahaké getihmu.

Ibrani 12 : 3-4

 

Mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki,mbuh kuwi lanang apa wadon, lemu utawa langsing, bagus lan uga ayu, wis nate krungu bab tembung SENGIT, yakuwi tembung sing unik. Lha lire kepiye kok tembung SENGIT kuwi kinaranan unik? Lha meh kabeh piwulang agama menggak cikben  menungsa ora ngrumati lan nguripi tembung iki, lan nalika  disesorahi babagan iki, okeh sing manthug-manthug sajak  paham lan kaya-kayane pancen wegah ngrumati lan nguripi sing kinaranan SENGIT. Ananging jebul malah kosokbaline, sanadyan tembunge emoh, wegah, nampik  karo tembung iki, lha kok klakuanne malah nguri-uri sing jenenge SENGIT.

 

Okeh bungkus utawa “kemasan” kang digawe menungsa kanggo nutupi dayaning hawa SENGIT kuwi. Ana sing nganggo ukara, “ Kritik yang membangun..”. ana uga sing nggunakne ukara, “Demi kebaikan bersama…” Lha sing luwih ngagetake yakuwi nyilih konsep karohanen, “ Ini mencari kehendak Tuhan…” Kamangka sejatine kuwi kabeh  klakone mung linambaran rasa sing dadi jejere tulisan esuk iki, SENGIT. Pancen menungsa kwi titah sing lipete ngungkuli Welut, lunyu anggone oleh rembug…

 

Ana piwulang kitab suci kang tinulis neng Ibrani bab 12 ayat 2 lan papat, kang isa dadi pepeling lan panglipur marang sapa wae, mirunggan sing bener-bener wani “Ngliwati” dalan Salibe Gusti. Ing kana kabeh dielingake cikben kelingan marang kepiye anggone Gusti Yesus nandhang sangsara ora merga luput lan salahe, ananging merga hawaning SENGIT kang mubal-mubal saka liyan. Lha emanne, liyan kuwi dudu wong sing ora wanuh piwulange agama, malah kosokbaline, para penggedene agama ing wektu kuwi. merga rasa SENGIT marang Gusti Yesus, para penggede agama Yahudi ngonceki lupute Gusti,ngompori wong parisi cikben uga SENGIT marang Gusti, lan pungkasane nyiksa,milara,lan mateni Gusti Yesus.

 

Sing dadi inti sarining piwulange suci dina iki yakuwi, yen ing urip wektu iki ana sing ngrasakne panandhang abot, ana sing ngrasakne sawabing daya SENGIT, ora usah wedi, ora usah kuwair, merga sing diadepi durung ana sekuku-ireng  dibandingake kasangsarane Gusti Yesus, kang tuwuh ya amarga SENGIT. Wong okeh ing jamanne Gusti Yesus ora ngerti babarblas apa sejatine lupute Gusti Yeus, ananging merga diubub’I terus dening para penggedhe Agama, yen jare  Gusti nerak pepakon agama, jare Gusti nglawan leluhur lan sakpanunggalane, mula nganti tumeka ing pucuking rasa SENGIT, lan marakne tega nyiksa, milara lan pungkasane mateni Gusti Yesus. Wong okhe ing wektu kuwi babarlas ora nggagas rasane ibu Maryam sing atine perih nyawang putrane dipilara kaya durjana, wong rumangsane sing ngukum kuwi nembe netepi kersane Gusti.

 

Babagan SENGIT kuwi tetep ana seka mbiyen, saiki lan tumeka sakumure jagad iki. Mula diati-ati karo rasaning ati,aja luput mbiji lan ngrasa, aja mung merga nuruti kareping ati,aja merga nembe nyekel pangwasa, aja dupeh nembe keceh bandha, njur sakwiyah-wiyah marang liyan, merga daya SENGIT. Sepisan meneh, aja ngrumati dayaning SENGIT.

 

“Jo, kira-kira acara HUT NKRI wingi neng istana kae pihak oposisi piye ya?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo.

“Paling yam aide Lik, wong pancen uripe wus kinemulan SENGIT…”Semaure Dalijo karo nglinthing udude.

“Setuju Dalijo aku Leng, pancen yen wis ginubetan SENGIT, kencana katon wingka, ananging yen seneng,  wingka katon kencana..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Jrett..saiki kok kaya pujangga kowe Bo, bareng mulih ndea dadi wicaksana..” Unine Lik Ndoleng.

“Lambemu Leng…” Semaure Kang Solebo.

“Muga-muga sing wus wanuh agama, ora ngrumati lan nguri-uri rasa sing kinaranan SENGIT..”Unne Dalijo, sinambi nyumet thingwene.

“Weh, jokleru Jo, malah sing wanuh agama kuwi sing seneng ngingu lan ngrumati SENGIT, dibungkus karo bungkus maneka werna…” Semaure Lik Ndoleng.

“Kaya sameyan ya Lik, mbungkus SENGIT karo kang Markun, lumanthar ethok-ethok apik..kamangka lamis…”Unine Iin, melu urun rembug.

“Jindulll…cah siji iki…!!” Grenenge Lik Ndoleng.

 

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH