Sabtu, 06 Agustus 2022

NGLUMPUKAKE BANDHA

 

Setu Wage 6 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 1 : 2-9, 21-23

Jabur 50 : 1-8,22-23

Matius 6 : 19-24

“Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling.

Matheus 6 : 19

 

Ora sithik wong  sing padha bingung babagan BANDHA donya, apa meneh babagan NGLUMPUKAKE lan sakbanjure nduweni. Lha kok bingung mergane apa? Paling ora bingunge kuwi mergane ada pangandikane Kitab Suci, kang surasane menggak anggone padha NGLUMPUKAKE BANDHA ing ndonya, merga kabeh sing asipat kadonyan kuwi ora langgeng. Lan kang njalari bingunge kuwi amarga urip neng ndonya kuwi ya butuh srana lan kurang luwihe kang dadi srananing urip kuwi BANDHA.

 

Sejatinya kang dadi kersane Gusti Allah kuwi ora menggak anggone menungsa nggolek lan  NGLUMPUKAKE BANDHA, ora, babarblas ora, amarga  Gusti ya luwih pirsa yen kabeh kuwi pancen sranane urip neng ndonya. Mung wae ora sithik menungsa sing njur lali karo sing dadi  Sumbering BANDHA , malah keblinger mung wanuhe marang BANDHAne. Babagan sing kaya mengkene iki sing ora dadi keparenge Gusti Kang Akarya Jagad, Gusti Kang Murba Ing Dumadi.

 

Sakdawane jaman, pancen menungsa kuwi kerep sulap karo gebyare BANDHA Donya lan amarga sulap kuwi njur lali karo sangkan paraning urip lan uga asal usule BANDHA kuwi.Amarga sulap karo BANDHA Donya, mulane ora sithik menungsa sing nguyak BANDHA Donya nganti tega marang sakpepadane lan ora mung tega, malah tumeka ing kahanan TEGELAN kaya kang tinulis neng BENINGE EMBUN ESUK dina kang kepungkur. Njur kepiye cikben tetep isa nguapa BANDHA lan kuwi jik dadi kersane Gusti Allah? Mayar, papanake wae BANDHA mung minangka srananing urip, dudu tujuanne urip. Yen kuwi wis isa dilakoni, BANDHA Donya sepira wae mesti dadi kersane Gusti, merga mung minangka srana kanggo nglakoni urip.

 

Yen ngerti sakpepadane kesrakat ananging mung meneng wae lan malah dipoyoki dadi sesawangan, kuwi durung isa mapanake BANDHA Donya minangka srananing urip kanggo ngluhurake Gusti,ananging ndadekake BANDHA Donya minangka tujuanne urip..

 

“Jo, wingi kae aku karo weruh ana sing ngopek degan nggonanmu sing  pinggir kali, kulon kluwih kae” Unine Lik Ndoleng Nalika ngeyup jejagongan neng Sor Wit Pelem tegal kulon ngomah.

“Weh, iyo Jo, aku ya weruh, ananging ngepasi aku nyunggi pakan sapi,mula ora tak gatekne” Pakde Komandan Darto melu urun rembug.

“Mbok ben wae ta Lik, Dhe. Niku lak nggih tiyang betah, mulane nalika mendhet nggih ben wae..” Semaure Dalijo sinambi nyumet udud linthingan dewe.

“Weh, kuwi klebu BANDHA lha Jo, saiki regane degan lumayan lho..” LIk  Ndoleng sajak esmosi.

“Ben wae Lik, BANDHA Donya kuwi mung srana, dudu tujuan uripku,mula nalika ana sing mbutuhake, ya ben..aku malah seneng isa andhum berkahe Gusti, sanadyan ora nembung, ora apa-apa,mbokmenawa ora kober nembung..” Semaure Dalijo sareh.

“Wah, yen kabeh penemune kaya awakmu, jagad iki kalkon tentrem  rahayu Jo..”Ngendikane Komandan pakde Darto, sinambi ngeriki kimpule sing kawit mau dibakar neng cedak galengan.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH