Selasa, 09 Agustus 2022

BARES

 

Selasa Pahing 9 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 24 : 1-13

JAbur 11

Ibrani 11 : 27-28

Merga Allah iku adil, lan rena marang kabeneran; wong sing barès atiné bakal ndeleng marang wedanané Allah. Jabur 11: 13

Tembung BARES  ing jaman saiki pancen arang sing  migunakne, mula ya ora nggumunake yen sithik sing ngerti tegese tembung kuwi. Sanadyan arang sing nggunakake tembung BARES, ananging  merga nduweni arti sing jero ing tata basa jawa, mula neng seratan-seratan adi-luhung jik dienggo. Lha jan-jane apa ta tegese tembung BARES kuwi? Tembung BARES kuwi yen ing basa ngindonesane Tulus, tumindak ing sakjroning urip tanpa ngangkah bebulih kang awujud materi utawa pepujan. Tulus kuwi isa uga tumindak kang dilakoni tanpa mikir piwales ing tembe mburine. Wah, apa ya ana menungsa sing bisa tumindak kaya mengkono kuwi, lha wong saiki kabeh pinetung bakulan utawa malah pinetung main judi,aku udu satus yen isa ya kudu antuk rongatus!! Cikben luwih wening mangerteni piwulang bab BARES, payo saiki nyinau saka critaning kitab suci.

Tembung BARES kuwi nate tinulis neng kitab Jabur, neng kana ditulis minangka paseksining urip kang dialami dening  Dawud kang nate dadi raja gung binantara neng ngisrael. Dene surasane tulisan mengkene, “ Merga Allah iku adil, rena marang kabenenran, wong sing BARES atine bakal ndeleng marang wedanane Allah” . Cetha banget yen sejatine Gusti Allah kuwi isa sideleng, isa disawang, isa disrawungi dening titah, sauger nduweni ati kang BARES. Lha kepriyen gegembarane ati menungsa kang BARES kuwi? Sing wani nampa sabarang kahanan kanthi blaka-sutha, sing wani ngakoni masa kang wus kawuri sanadyan ala lan peteng kanthi blaka. Wong sing BARES atie kuwi dudu wong sing ora nate salah, ananging wong sing wani ngakoni salah, wong sing BARES atine kuwi dudu wong sing katon sugih mblegedhu, ananging wong sing isa ngrasakake kasugihane Gusti kang wus ginelar ing jagad ginelar iki.

Jabur 11 kuwi anggitane  lan paseksine Dawud, lan mbokmenawa sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki wis irsa babagan sejarah uripe Dawud, kang nate salah lan luput, kang nate mblangsar lan kleru milih dalan. Ananging sakwise eling lan sadhar lan uga wani  nampa “carae Gusti nresnani”, njur isa dadi pawongan kang bisa NDELENG WEDANANE GUSTI ALLAH. Lha endi buktine, endi potone? Pengalaman bab NYAWANG WEDANANE GUSTI ALLAH pengalaman batin, lan buktine lumantar urip pedinan. Sing cetha, sakwise nampa samubarang pepenget saka Gusti Allah, Dawud banjur dari resik atine, dadi wong kang nduweni ati kang BARES, lan isa nyawang Wedanane Gusti Allah. Sakwise kuwi, Dawud njur nganggit  kitab jabur kang dadi warisan suci tekan wektu iki.

“Jo, apa tenan jare Solebo wis tau kepethuk Gusti Allah? Kok sajake aku jik mangu-mangu ya…” Unine Lik Ndoleng nalika bengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, babagan mangu-mangu kuwi hakmu Lik, dudu hakku. Lan babagan Kang Solebo kepethuk utawa isa nyawang Gusti Allah kuwi ya babagan pengalaman batine dewekne. Ora usah menyangsikan utawa njaluk bukti pisik. Buktine lumaku bareng lakuning wektu Lik…” Semaure Dalijo sinambi nyumet udud’e,.

“Weh, kok saiki awakmu sajak wicaksana temenan Jo, bar mangan apa kowe kuwi…apa bar ngombe menyan?” Lik Ndoleng sajak gumun karo Dalijo, sing katon sansaya wicaksana.

“Haiyah, wicaksana lan ora kuwi kari olehmu nyawang Lik. Yen anggone Paklik nyawang kinantenan ati kang buthek, ati kang reget, netraning batin ya melu reget lan kabeh dadi blawur, kabeh katon elek..”Semaure Dalijo meneh, sinambi lier-lier, merga ewektu kuwi ademe pol tenan lan kanca-kancane sing kerep jejagongan ora njedul, mbuh wis kemulan sarung apa malah kemulan liyane.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH