Senin, 08 Agustus 2022

SALINGUNA

 

Senen Legi 8 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 2 : 1-4

Jabur 11

Ibrani 11 : 1-7

Panjenengané bakal ngadili prekarané bangsa-bangsa, sing padha prekaran lan ndhawahaké putusané. Mulané pedhang-pedhang digemblèng kadadèkaké kajèn *kajèn: landheping luku.* sarta tumbak-tumbaké digawé arit. Bangsa-bangsa bakal padha ora perang menèh, lan ora ana sing latihan perang-perangan.

Yesaya 2 : 4

 

Saka jaman kuna makuna, sing jenenge Pedhang lan Tumbak kuwi pancen gaman kanggo perang, lan sing jenenge perang  kuwi mesti ancase ngalahake mungsuhe. Ora ana critane wong maju perang pengen kalah, mesti pengen menang. Dene  ing jagade perang kuwi sing jenenge menang kuwi nalika isa nelukake mungsuhe, malah kepara mateni lumantar gaman kang awujud pedhang lan tumbak kaya kang tinulisan ing ndhuwur. Lha njur kepriye bacuting crita babagan Perang nalika gaman kang awujud pedhang lan tumbak SALINGUNA didadekake Landheping Luku lan Tumbak didadekake Arit? Apa iya arep perang meneh?

 

Urip tentrem rahayu tanpa ana peperangan kuwi mbokmenawa kang dadi pengarep-arepe wong okeh, lan gegambaran urip tentrem dalam rahayu kuwi nalika apa kang mbiyen dadi gaman kanggo mateni mungsuhe SALINGUNA dadi piranti kanggo nggarap sawah lan tegale cikben ngetokake pepanenan kang isa kanggo cukuping kabutuhan pangan.

Pangandikane Gusti Allah lumantar nabi Yesaya marang Yehuda lan Israel cetha banget, yen kahanan tentrem kuwi nalika wis  ora ana perang lan apa kang dadi gegamaning perang SALINGUNA dadi piranti kanggo ngolah lemah cikben ngetokake pepanenan lan nyukupi butuhe urip para titahe Gusti Allah.

 

Lha yen saiki kan wis ora ana Perang kang nggunakne Pedhang lan Tumbak kanggo natoni utawa memateni liyan? Njur kepiye cak-cakane? Pancen saiki perang  kang nggunakne Pedhang lan Tumbak wis ora usum, ora njamane meneh, ananging babagan memungsuhan jik wae ana. Ing jaman saiki Pedhang lan Tumbak kuwi ngawujud ing dayaning gething utawa sengit ing antarane siji lan sijine. Lan menawa dirasakne landheping pedhang lang tumbak kuwi  jik kalah karo landheping sengit, gething, iri, srei lan kabeh daya negative kang dumunung ana ing uripe saben titah kang kinaranan menungsa. Njur piya carane cikben daya negative utawa energy negative kuwi bisa migunani? Ya kaya ndadekake SALINGUNA pedhang lan Tumbak dadi Landheping Luku lan Arit, payo saiki kabeh daya negative kang ancase mung ngrusak lan ngremuk kuwi digawe daya positif kanggo mbangun lan ngayoni, kanggo tulung tinulung lan sangkul sinangkul.

 

Lha apa mayar ta gawean cikben isa klakone SALINGUN kaya critane nabi Yesaya? Gampang lan angel kuwi mung gumantung karep, yen wis ana karep, kabeh kang angel rinasa gampang, kabeh kang abot rinasa entheng, kabeh kang adoh rinasa cedhak lan sakbanjure, apa wae dadi kepenak nalika ancase mung mbangun lan ndandani. Wis ngono ndisik, arep melu jagongan neng Lincak Sor Talok, wis suwe ora mrana.

 

“Jo, manut penemumu piye. apa mathuk karo omongane Solebo, yen urip iki kudu lung-tinulung lan sangkul-sinangkul? Yen aku durung mathuk, pomeneh tetulung sing manut pangrasaku wis natoni uripku..”Lik  Ndoleng miwiti rembugan babagan sing sajak rada sengrius.

“Aku amat-sangat mathuk Lik, urip kuwi ora dikon ngrusak, wong sig rusak wae kudu didandani, mula ya kudu sangkul-sinangkul…”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet udude.

“Kae wacanen BENINGE EMBUN ESUK, ana crita bab SALINGUNA, Pedhang lan Tumbang dadi Landheping Luku lan Arit, ayo ngowahi kabeh kang ancase ala dadi apik, kanggo mbangun urip cikben sansaya kebak tentrem rahayu..”Unine Kang Solebo, sinambi mbukak jisamsune sing sajak jik wutuh.

“Wah, aku gek sadhar lur, jebul saksuwene iki aku kleru, luput. Merga ngrumati rasa serik lan srei ing njero ati. Wis, saiki arep tak SALINGUNA cikben dadi gaman kanggo kabecikan..”Grenenge Lik Ndoleng.

“Ndang njaluk ngapura karo Kang Markun,  merga ndek kapan kae jik kober njawi Yu Wasti..”Iin njedul sinambi nggawa kopi panas.

“Jindullll…cah siji iki..mestiiiii…” Swarane Lik Ndoleng sajak kagete poll.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH