Kemis
Pahing 4 Agustus 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
9 : 8-17
Jabur
50 : 1-8,22-23
Rum
9 : 1-9
Pialané bangsa Israèl murub kaya geni sing
ngobong eri lan rerungkudan, banjur nglagar pang-pang ing alas, nganti kukusé
mumbul kumelun.
Yesaya 9 : 17
NGLAGAR kuwi tegese mermen utawa marakne apa
wae sing ana sakiwa tegene melu ngalami kaya sing dialami. Tembung NGLAGAR kuwi
mirunggan kanggo ngarani geni sing murup lan nggeret apa wae kang ana ing
sakiwa tengene. Jan-jane wiwitan mula mung cilik lan ora mbebayani, ananging
amarga kahanan isa ndadekne gede mulad-mulad lan isa ndadekne ajur-mumur
sakabeane.
Bab tembung NGLAGAR kuwi nate dadi undherane
piwulange Gusti Allah lumantar nabi Yesaya kang tinulis ing kitab Yesaya. Nalika
kuwi Gusti ngelikake bangsa ngisrael bab lakuning urip sing mung ngenut
kekarepan kamanungsane lan kuwi dibahasakne kitab suci “Piala” utawa ana ing
basa ngindonesa kinaranan “Kefasikan”. Gusti Allah lumantar nabi Yesaya banget
anggone nresanani bangsa ngisrael, mula sanadyan wis lumaku mbalngsar, tetep
wae diresanani, ananging nalika
dipirsani tumindaing bangsa kuwi mung nguja kemaremaning uripe, sanadyan
bangsa pinilih, ing wekasane Gusti Allah ya duka lan menehi pangandika kang
semune ngancem.
Dene isine pangandika kang sing takarani
pangencem mau tinulis neng Yesaya bab 9 ayat 17, “Pialane bangsa Israel murub kaya geni sing ngobong eri lan
rerungkudan, banjur NGLAGAR pang ing alas, nganti kukuse mumbul kumelun”
Ora mung ing jamanne nabi Yesaya, ing jaman
saiki babagan pikiran, penemu lan tumindak ala kuwi jik wae ana. emanne, ya
kaya lakuning bangsa ngisrael ing jamanne nabi Yesaya, sing wiwit mula mung
cuilik, njur merga diububi dening angina lan kahanan njur isa dadi mulad-mulad
lan ngobong apa wae kang ana ing sakiwa tengene.Malah samubarang kang apik lan
becik isa melu musna merga mulad-mulad’e geni kang NGLAGAR kahanan kuwi mau.
Mulane para sedulur, payo eling lan waspada,
aja ngasi samubarang kang ora becik kang mula-bukane njedul saka ati sing ora
resik kuwi dijarke murup, merga yen ora isa ngendaleni isa NGLAGAR apa wae.
Dene babagan sing kinaranan ora becik kuwi isa wae kang sinebut Sengit utawa
gething, serik utawa iris rei lan kabeh sing ora dadi kersane Gusti. Yen kuwi
njedul ana neng uripe para sedulur, ndang siramen banyuning katresnan, ben ora
NGLAGAR apa wae.
“Weh, sing ngati-ati Jo..wancine ketiga pancen
pas ngresiki tegalan, ben ngko tumekane udan kari nandhur” Swarane Pakde Darto
sing kerep diundang komandan, nalika nyawang Dalijo nembe obong-obong neng
tegale.
“Weh, siap ndan! Lha mumpung garing niki lho
ndan…” Semaure Dalijo sinambi nglereni anggone obong-obong, mlaku neng sor wit
Gedang sing jik katon ijo godonge.
“Udud Dhe, niki kantun sakler. Selak teka Lik
Ndoleng, klakon ora kumanan..”Unine Dalijo.
“Jo, aja mulih ndisik,diawat-awati genine, yen
ora begjane isa NGLAGAR apa wae lan dadi ngobong alas..” Ngendikane Pakde
Darto, sinambi nyumet udud thingwe’ne Dalijo,
“Kuwi pancen kaya uripe menungsa Lur, rasa
senngit,serik, gething lan kabeh sing elek kuwi gaya urupe geni, saka wiwitan
cilik lan dewek’an isa ajak-ajak kiwa-tengen, lan dadi gede, NGLAGAR apa wae
sing ana” Ujug-ujug Lik Ndoleng teka, nggawa jisamsu, jare ditukokne Pak Aris
sing meling salam merga kangen karo Kang Dalijo.
“Pantesan ora kesusu njupuk udud’e Dalijo Leng,
jebul wis entuk sakpak..”Ngendikane Pakde Darto.
“Dalijo kuwi kon pisan-pisan keSUSU, ben ruh
rasane” Unine Lik Ndoleng lan ditanggepi Dalijo lumantar misuh, mung wae lirih
banget, jik pekewuh karo kahanan.
Mbah’e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar