Kemis
Wage 11 Agustus 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
2 : 5-11
Jabur
Jabur 81 : 1-2,8-19
Ibrani
10 : 26-31
“Banjur DAKUJA
supaya nglakoni karepé atiné kang wangkot; karebèn padha nindakaké apa sing
dirancang manut karepé dhéwé!
Jabur 81:13
Tembung DIUJA kuwi linggane Uja, tegese ucul
utawa tanpa tali. Mula saka kuwi tegese tembung DIJUA kira-kira mengkene :
kahanan kang bebas tanpa tali pangikut, kahanan ucul lan bebas nglakoni apa wae. Diuja kuwi memper
tegese kaya tembung diumbar, yakuwi diuculake saka kendhang cikben bebas
sak-paripolahe. Kang kudu dimangerteni sakliyane ana tembung DIUJA ana uga
tembung DAKUJA, kang tegese pawongan kang menehi kahanan DIUJA. Paribasan ana
pawongan kang nduweni kewan kayata sapi, sing nduwe karep Nguja kuwi sing nduwe
lan kewane kang DIUJA, diculake cikben bebas.
Bab kahanan Uja Pangujan kuwi nate dadi pokok
undheran piwulange kitab suci, cethane
neng kitab Jabur bab 81 ayate 13. Kitab Jabur 81 kuwi anggitane Asaf, salah
sawijining pawongan waskita kang urip ing jaman kang cecaketan karo Duwd,mula
arang sing ngerti yen sakliyane Dawud ana uga kang nganggit kitab jabur, salah
sijine ya Asaf iki. Manut Asaf. ana wektune Gusti Allah NGUJA marang menungsa, ngetogke sakparipolahe.
Celakane, sing DIUJA ora rumangsa, malah
sansaya gembelengan kaya bener-benera dewe ing saklumahing bumi. Pepeling saka
apa lan sapa wae mung dimbelgedesake.
Kaya kang tinulis ing Jabur 81 ayat 13, ing
kana cetha paseksine Asaf, “ Banjur DAKUJA supaya nglakoni karepe atine kang
wangkot….” Dadi yen ana sing tumindak adigang-adigung kamangka wis dielikake
aja daksiya marang liyan sing wis ngakoni salah lan lupute, sanadyan kuwi
katone abdine Gusti, kuwi sejatine nembe nampa kahanan pangUJAn saka Gusti. Kuwi
kahanan kang nate diprangguli dening Asaf, njur ditulis lan tumekane saiki dadi
piwulang apik.
Ing jaman saiki babagan DIUJA kuwi ya ijik
lumaku, ana sing nalika rumangsa nduweni pangwasa njur adigang-adigung lan
adiguna. Emane, ana kalamangsane liyan, wong okeh utawa masayarakat sing dadi
tamenge. kamangka kerep masyarakat ora ngerti babarblas. Saiki wis tuwuh penemu
yen karepe wong okeh kuwi mesti bener, kayata nalika ana maling pitik kang
kecekel, wong sakdesa kayane nduweni hak nuthugi,nyadhuki,ndugangi lan sing
cetha NATONI, kamangka sing dicolong dudu pitike. Hukum kaya-kaya pancen NGUJA
cikben menungsa MAREM ngayahi kareping atine. Ananging kudu dieling, isa wae
kuwi pancen DIUJA dening Gusti, lan bebendhuning urip wis cumawis ing wektu
kang wus cedhak banget. Mulane, sing padha ngati-ati!!! Pawongan kang dadi
sasaran wutahing gethingmu kuwi ana sing momong, sanadyan mung meneng wae.
“Wingi critane wong sing konangan njupuk jambu
neng kebon buah kae piye Jo? Apa siddha remuk diajar wong sakokehe?” Takone Lik
Ndoleng marang Dalijo.
“Iyo Lik, mesakake banget. Wong anggone njupuk
tanpa nembung ya merga kahanan, sing nduwe kebon pelite ngeram, kamangka wong
kuwi butuh kanggo obate anake sing nembe kena demam berdarah, lumantar jambu
kuwi, isa marasake” Semaure Dalijo, sinambi nyumet Sampoernane sing nukokne Lik
Kempling.
“Mbuh Lur, kang saiki okeh menungsa sing NGUJA
kekarepane dewe, ora nduweni urusan kok malah melu nggebugi, melu ndupaki lan
melu NATONI, kamangka sing ela-elu lan
sing rumangsa nduweni pangwasa kuwi ya kayane beragama lho..” Semaure Kang
Solebo, sinambi nyruput kopine.
“Sing padha Eling lan Waspada Lur, aja nganti
keduga NGUJA kekarepaning ati, sing
wening la sabar..sing wicaksana..aja rumangsa nduwe pangwasa njur
sakwiyah-wiyah karo liyan kang dianggep salah, kaya wong sing kepepet njupuk
jambu kuwi..” Lik Ndoleng sajak wicaksana nanggepi kahanan.
“Tumben wicaksana Leng?” Takone kang Solebo.
“Bar kepthuk Yu Wasti ndek mau awan, pas
ngeterake blanjane Iin kok Kang..mula ya sumeh..mbuh mau njawil apa ora..”
Unine Dalijo.
“Denggelmu atos cahhh!!!” Lik Ndoleng sajak
gembreneng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar