Rebo
Pahing 24 Agustus 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia 7 : 27-34
Jabur
10
Lukas
6 : 6-11
Gusti Yésus nuli ngandika marang para ahli
Torèt lan wong Farisi mau: “Aku arep takon: Apa sing didhawuhaké déning
prenatané agama marang kita ana ing dina Sabbat? Gawé becik, apa gawé ala?
Mitulungi apa ngrusak nyawa?”
Lukas 6 : 6
Ing basa jawa ana istilah “Kosok-balen”, yakuwi
tembung kang dadi mungsuhe, kayata “ Cedhak karo Adhoh, Dawa karo Cendak, Sugih karo Mlarat. Kabeh mau nggambarake
kahanane jagad kang isih manggon ana ing “tataran spiritual dualitas”, anane
mung loro, apik mungsuh elek, peteng mungsuh padhang lan sakbanjure. Kabeh mau
tumeka saiki jik diuripi dening menungsa, sanadyan jarene wis beragama,
ananging kerep ora dong babagan urip sing sejati.
Ana pangandikane Gusti Yesus kang tinulis ing
Injil Lukas, ing kono nyritakake gambaran urip kang anane mung rong perkara,
utawa ana neng dimensi dualitas. Anane
Gusti ngendikani kaya mengkono kuwi, merga para wong sing diwulang pancen ijik
manggon neng tataran spiritual dualitas. Ing Injil Lukas bab 6 ayat 6-11
dicritaake babagan carane para ahli toret metani salahe Gusti Yesus. Oiya, para
ahli toret kuwi keturunane tekan saiki okehe ngeram, malah mbokmenawa ana sing
maca tulisan iki, ciri-cirine seneng metani salahe liyan. Hehe.. Mbalik neng critane Injil Lukas, nalika iku
dina sabat, ndelalah ana wong sing tangane ceko..Ngerti kang kaya mengkono
kuwi, para ahli toret nyanggong, nggoleki salahe Gusti. Ana ing penemune ahli
toret, marasake wong lara neng sabbat kuwi dosa, merga nerak ukume Gusti Allah.
Ndelalah Gusti marasake, lan banjur nakoni
marang ahli toret, babagan dhawuhe Gusti ing dina sabat. “ Apa sing didhawuhake
ing dina Sabat,gawe becik apa gawe ala? MITULUNGI apa NGRUSAK? Jan-jane para
ahli toret ngerti yen ing dina sabat kudu tumindak apik, ing dina sabat kudu
MITULUNGI lan ora malah NGRUSAK, ananging merga atine wis buket-lekoh dening
kekarepaning kamanungsan, mula ora direwes babagan tumindak katresnan, anane
mung bengak-bengok bab katresnan.
Apa ing jaman saiki, patrap urip kaya dene ahli
toret kuwi jik ana? Waduh, aku ora wani ngarani, sumangga para pamaos mirsani
piyambak.Yen ora, ayo ngrungkone jagongane Lik Ndoleng ce’es.
“Jo, apa bedane “kegiatan rohani” lan lelaku
rohani?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbengi kuwi jagongan neng
Lincak Sor Talok.
“Ya cetha beda ta Leng, saiki seka tembunge wae
wis beda..”Kang Solebo malah sing mangsuli.
“Ora tekok kowe Bo,rasah crigis!” Semaure Lik
Ndoleng.
“Yen kegiatan rohani, kuwi ya mung kegiatan
kang katone rohani Lik.Manggon neng papan-papan karohane, nembang utawa nyanyi
karohanen, maca buku karohanen.Ananging ora dadi lelakuning urip.Lha, yen
LELAKU ROHANI kuwi, tumindak sing ora nengenake kamanungsan, mung manut
panuntune dhawuh Sang Roh. Biasane lelaku rohani kuwi ora gathuk karo kekarepan
raga kamanungsan Lik” Semaure Dalijo sinambi udud.
“Weh, apa kuwi tegese olehku ngibadhah
saksuwene iki klebu “kegiatan rohani” ya Jo?” Takone Lik Ndoleng.
“Lha kuwi kari Paklik sing isa mangsuli, apa
saksuwene iki ancase karohane Paklik MITULUNGI liyan apa malah NGRUSAK liyan?”
Semaure Dalijo.
“Lha olehmu mogakne Markun dines luar kota kae,
ora merga ben tambah mukti urip lan kariere Leng, kui merga niatmu arep njawil
Wasti..” Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.
“Duss..!! Konangan cahh.!!” Grenengane Lik
Ndoleng.
mbah’e