Sabtu, 16 November 2019

PENER


Setu KLiwon 16 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NILAI KEINDAHAN


Yesaya 59:15b-21
Jabur 98
Lukas 18 :1-8
Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur? Aku pitutur marang kowe: Panjenengane bakal enggal maringi adil. Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh, apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?” Lukas 18:7-8

Ukara “Sanadyan bener ananging durung mesti PENER”, kuwi kegolong populer neng budayaning wong Jawa. Lho lha apa ana beda ing antarane Bener lan Pener kuwi? Ana, bener durung mesti PENER, dene yen PENER mesti kuwi bener. Bener kuwi samubarang sing petungane mung manut petungan matematika dene PENER kuwi ora mung babagan petungan matematika ananging uga bab rasa lan kahanan. Contone sing sederhana wae, Jujur kuwi apik lan Bener, ananging durung mesti PENER.

Babagan Bener lan PENER kuwi ya kereb dadi petungan ana ing tata panguripaning menungsa ing abarang kahanan, klebu ing babagan kaimanan utawa kapercayan marang Sing Nggawe urip. Ora sithik sing nduweni pikiran yen apa wae sing dadi pepinginane urip kuwi kudu dituruti dening Gusti Allah, ora nate mikir lan milah kuwi sejatine pepinginan apa KABUTUHAN.  Mula nalika apa kang dadi pepinginane ora klakon, njur semune nyalahake Gusti Allah, lan ngedoh marang kegiatan-kegiatan kaimanan utawa karohanen.


Manut piwulange Gusti Yesus ana ing Lukas 18 ia dadi pepeling marang sapa wae. Yen sakwuwene iki nduweni penemu yen apa wae sing dadi kebutuhane urip kudu klakon, ananging ora apa durung, kudu dimangerteni yen kabeh manut kersane Gusti. Yen menungsa rumangsa apa sing dadi kebutuhane kuwi wis “bener”, ananging ana ing kawicaksanane Gusti durung tentu PENER. Saka pangerten iki, saiki kudune pada nyadar yen sing sinawang Bener ana neng penemune, durung temtu PENER ana ing kawicaksanane Gusti.

Mula saka kuwi, payo pada eling lan waspada marang kabeh kahananing urip. Aja nganggep kabeh kuwi bener lan PENER. Bener durung mesti PENER, ananging sing PENER mesti bener. Bab lelakoning urip, yen nduweni penyuwun ora klakon, kuwi merga PENER ana ing pamawase Gusti. Dene menawa ana bab sing ndadekne susah, kayata kelangan,ora kasil lan sakpanunggalane, kudu dieling yen kuwi ya PENER ana neng pamirsane Gusti.

“Kok iki ora udan-udan ta ya..ya..apa moloekat sing dnes njadwal udan lali tugase ya Jo?” Sambate Lik Ndoleng, nalika nyawang ketiga sing meh tekan desember.
“Iki mesti apik ana ing pamirsane Gusti Lik” Semaure Dalijo sareh.
“Aja-aja luput kawicaksanane Gusti Jo?Lha Gusti pora mesakne para kadang tani sing rungisa nandur. Iki mesti kleru Gusti kuwi!!”Sajak sansaya erosi Lek Ndoleng.
“Rasah iyik Lik, iki kopine. Lan iki ya entuk titipan pitunem seka Yu Wasti..” Nduk I’in njedul, nggawa nampan isi kopi lan 76, sing jare seka Yu Wasti.
“Wah, jebul Wasti kuwi jik nggagas aku… Hmmmm..iki jos tenan, pancen wong kae wong apik..”Lik Ndoleng ngalem Yu Wasti entek amek kurang omek.
“Biyuuuuhh.mu ngalem Yu Wasti Lik..durung mbok cek bener apa ora. Lan pangalembanamu jebul ora PENER. Lha kuwi sing nukokne kang Dalijo” Nduk I’in nyangar pakne Cilik.
“Woooo..trembelane!! Bocah ora…asembbb” Sambate Lik Ndoleng sanadyan mung neng mbatine.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH