Selasa, 19 November 2019

MBUDEGI


Selasa Pon 19 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KEINDAHAN SENJA


Yesaya 66:1-13
Jabur 76
Lukas 19:1-10
Mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong iku tuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine; amarga manawa Ingsun nimbali, ora ana kang ngaturake wangsulan, manawa Ingsun ngandika, ora padha ngrungokake, nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSun sarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun” Yesaya 66:4

Tembung MBUDEGI kuwi asale seka tembung Budeg, sing tegese kahanan winates saka titah magepokan karo piranti pangrungone. Mula saka kuwi tembung MBUDEGI tegese tuminda sing memper kaya wong Budeg, kamangka sejatine ora ngalami kahanan kuwi. MBUDEGI kuwi sejatine krungu, ananging ethok-ethok ora krungu, dene tujuanne supaya ora kena pengaruh saka sumbering swara. Bab MBUDEGI kuwi ora saklawase negatip, merga ya ana sing nduweni watak positip. Yen wis tumindak bener lan pener, ananging tetep wae dipaido lan mung dirasani wae, apik ngempanke “Ajian” MBUDEGI, supaya ora krungu lan tetep fokus tumindak apik. Sing mbebayani nalika nindakne ajian MBUDEGI kuwi tumrap samubarang sing apik, iki isa nekakne bilai.

Neng Kitab Yesaya bab 66, neng kana dicritakne kaya ngapa dukane Gusti Allah merga pokal tingkahe para menungsa sing wis bola-bali ditulungi, ananging tetep wae ora nate manut kersane Gusti. Wong-wong ngisrael pada ditimbali dening Gusti ora nate wangsulan, sing tegese MBUDEGI, lha wong ya sejatine krungu swarane Gusti lumantar sabarang kahanan. Nalika Gusti ngendika (paring piwulang utawa kotbah), ora pada ngrungokake, tetep konsisten MBUDEGI lan malah nindakne kanga la ana ing ngarsane Gusti. Kabeh tumindake bangsa ngisrael jamane nabi Yesaya kuwi MBUDEGI lan kuwi kang ndadekne Gusti duka.

SALMON OMEGA 3


Ing jaman saiki bab MBUDEGI kuwi jian akehe ora njamak, akehe ya umpuk undhung. Meh saben wong saben ditimbali Gusti dijak makarya njur kabeh MBUDEGI, reka-reka utawa ethok-ethok ora krungu, kamangka krungu wae nganggo banget. Sakliyane “ajian” MBUDEGI, ing jaman saiki ya pada sektine ngeram, merga pada nduweni “Ajian Pangenda”, mula yen dijak makarya tumrap sabarang sing apik, ya mesti enda!

Pancen urip iki pilihan, mula ya kabeh bali marang sapa kang nglakoni. Ananging sing perlu didadekne penggalihan jero, apa ya pada wis siap yen ing mbesuk’e nampa utawa ngundhuh tanduran sing tinandur ing jaman saiki? Siyap nalika akibat seka sektine nggunakne ajian MBUDEGI kuwi kudu sinandang ing saklawase jaman? Yen pada ora siyap, ya ndang guwang wae rapalane ajian MBUDEGI kuwi ben ndang ilang saka urip.
“Rapat pembentukan panitia natalan kok ora mangkat ta Lik? Kamangka jian dienteni tenanan lho..”Dalijo ngelikake Lik Ndoleng merga diundang rapat pembentukan panitia natal ora mangkat.
“Weh, apa iya Jo? Aku kok  ora rumangsa entuk ik?” Sajak kaget, ananging ketok yen digawe-gawe, lIk Ndoleng ngendani ayahan.
“Haiyahhh…alesanmu ale wasis ta Lik….wong genah wingi bab ngrasani karo aku, yen arep ethog-ethog ora nampa undangan wae kok ndadak alesan ora nampa undangan? “ Nduk I’in semanta sinambi ngetokne kopi sing mak pyarrr…
“Weladalah…kok isa kaya mengkono ta Lik?” Takone Dalijo sareh, sinambi nyumet djarumsupere sing jik utuh merga ditinggali kancane sing wingi mulih seka kutha.
“Wong malah alesan jare wegah dadi panitia, merga  Yu Wasti ora dadi panitia..hayooo ngaku Lek!!?” Nduk I’in sajak erosi, nyemes Lik Ndoleng sakayange.
“Dussss…konangan meneh, malah iki diarani MBUDEGI…hmmmm..kalah terus mbek cah loro iki..Ning aku yay akin seyakin-yakine, yen sing maca tulisane mbah’e iki ya akeh sing nduweni aji MBUDEGI tingkat paripurna..”Batine Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH