Kamis, 14 November 2019

NYAWIJI


Kemis Pon 14 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 57 :14-21
Jabur 98
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu. Yesaya 57:15

NYAWIJI kuwi tembung sing tegese kumpul dadi siji. Dene sing kudu kumpul dadi siji ora mung winates ing raga, ananging sakabehe kahanane urip. Yen mung winates ana ing bab raga, kui mung gampang. NYAWIJI raga durung mesti NYAWIJI ing kasukman, dene menawa wis NYAWIJI kasukman utawa sakwutuhe, mesti bab raga yaw is NYAWIJI. Sing saiki gampang disawang ya mung winates NYAWIJI bab raga utawa “body fisik”, dene bab NYAWIJI kasukman durung temtu.

Bab NYAWIJI sakwutuhe kahanan kuwi dadi piwulange nabi Yesaya, ana neng Yesaya 57. Neng kana ditulis bab kaya ngapa Gusti Allah utawa Sang Yehuwah anggone aprajanji NYAWIJI marang kabeh kagungane sing ditresnani. Sanadyan neng dhampar kang suci, ananging ya nunggil karo para wong kang rempu lan ajur mumur atine. Lan titenane wong kang tinunggil karo Sang Yehuwah utawa NYAWIJI marang Kang Murbeng Rat kuwi uripe andhap asor lan lembah manah. Ora pamer nalika rumangsa tumindak becik lan netepi pranatan agama. Yen ana sing kemaki lan kumenthus nglakoni pranatan agama, kuwi sejatine ora NYAWIJI marang Kang Murbeng Rat. Dene ing jaman saiki, sing mung kepengin diarani soleh wae akehe ora njamak. Kaya sing wingi klakon  neng Medan, kuwi rumangsane nglakoni kersane Sang Murbeng Rat, kamangka mung bocah pekok lan pethug sing gampang diapusi liyan. Wong kaya ngono kuwi mung rumangsa NYAWIJI bab tata lahir, dene ing batine babar blas ora dumunung Kang Murbeng Rat.

MARI HIDUP SEHAT


Sing nduweni pikiran kaya sing nglakoni bom bunuh diri neng Medan kuwi sejatine ya akeh, wis rumangsa maren nalika rumangsa nglakoni (sithik banget) pranatane agama, ananging mung ana neng tata lahir. Dene ing tata kasukman, tata batin jian babar blas. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya jik akeh sing mung (rumangsa) NYAWIJI karo Sang Yehuwah, ananging mung ing  tata lahir, dene ing tata kasukman utawa batin, jik nolgede.

“Jo, kok dirimu kuwi sanadyan jik njomblo kok santai wae, babar blas ora kemrungsung?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo naliko ngopi neng sor Talok.
“merga urip kuwi kan wewayangane dumununge Gusti ta Lik, mula aku kudu ngrungokne Swarane Gusti neng telenging batinku. Kuwi tak yakini merga Gusti kuwi NYAWIJI neng uripku” Semaure Dalijo sajak kaya Resi Sekti.
“Emange sampeyan Lik, nglakoni pranatane agama mung ben dialem Yu Wasti merga mung ngarep-arep isa pethuk lan nyawang..””Nduk I’in njedul mulih seka warung tuku mbakone Lik Ndoleng.
“Duss..kok ya pas terus ta In wektumu njedul. Mesti nyemes aku..hmmm..wis kene mbakone,,meh njaluk udude Dalijo pekewuh..” Unine Lik Ndoleng sinambi njupuk sakler djarumsupere Dalijo, sanadyan muni pekewuh..

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH