Sabtu, 02 November 2019

NDELENG


Setu Legi 2 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Habakuk 2:5-11
Jabur 119:137-144
Yokanan 6:37-40
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.” Yokanan 6:40

NDELENG kuwi nyawang kanthi serius, mula beda karo mlengo. Yen mlengo, isa wae nyawang, ananging babarblas ora pokus,mung saklebatan wae. Iki beda karo NDELENG, merga yen NDELENG kuwi nyawang kanthi sakwutuhe urip. Nalika NDELENG, meh kabeh raga utawa awak iki nyengkuyung supaya paDELENGe isa ngerti sing saktemene. Mula saka kuwi, sapa wae sing wis NYAWANG mesti beda karo sing mung mengo, merga yen mung mengo mesti kurang isa paham.

Piwulange Gusti Yesus ana ing Yokanan 6 ayat 40 ngrembug bab NDELENG, yakuwi sing sapa wae NDELENG marang Sang Putra, mesti bakalan oleh urip langgeng. Ing piwulang iki ngemu teges,  aja sembrana olehe pada percaya marang Gusti. Bab percaya marang Gusti Yesus kuwi ora mung sakeplasan utawa mung klawan mlengo wae, ananging kudu pokus utawa serius. Dene pokus utawa serius kuwi ana ing tata basa Jawa isa dirangkum nganggo tembung NDELENG.

Ing jaman saiki, akeh sing mapanke kapercayan mung sakeplasan utawa sinambi mlengo, babar blas ora pokus. Tumrap sing kaya mengkene iki Gusti Yesus wis ngelik’ake, menawa ora bakalan wilujeng, merga ora NDELENG kanthi sakmestine. Ing jaman saiki, bab “nderek Gusti” kuwi kayane mung sampiran, sing paling utama (kayane) “Nderek karepe dewe!”. Apa wae isa dilakoni lambok abot lan resikone guediii, anggere kuwi karepe dewe, merga isa ndadekne muarem. Dene sing bab kersane Gusti, utawa NDELENG Gusti, kuwi isa digawe santai,sembrana lan ora serius. Hehe, rasah nesu sing pada maca, merga yen nesu, kuwi mbuktekne sing nglakoni ora NDELENG Gusti sing sakmestine..hehe

Dene kanggo NDELENG kuwi ya butuh sinau, ora makbuk makpethutug. Dene sinau kuwi ya kudu mangan wektu,lan akeh menungsa sing ora sabaran,kebeh dipadakne nggawe mie gorang, rongkedeppan mateng lan siyap dipangan. Merga saka angel kuwi, bab NDELENG ora nate digatekne, sing penting mlengo wae cukup! Kamangka kersane Gusti Yesus NDELENG, ora mung noleh sakeplasan.

PENUHI KEBUTUHAN NUTRISI ANDA


“Jo, dadi rasanan wong sakerte, ngapa patang windu ora njedul, ora andum berkah?” Lek Ndoleng sore kuwi nalika nyawang Dalijo thenguk-thenguk meneh neng Lincak Sor Talok langsung ndedes kanapa suwi ora njedul.
“Lagi NDELENG awakku dewe Lek, istilahe para maos tulisan iki “retret”, ananging pribadi, ora kroyokan kaya padatan. Tujuanku supaya arahing uripku pas karo kersane Gusti” Semaure Dalijo sinambi nyumet udud’e.
“Ngono kuwi Lek, urip kuwi pariasi, aja ndlujur kaya kreteg kali kae..” Nduk I’in melu-melu muni, nalika ngetokne kopi sing kayane jik panase eram, merga jik kemedul.
“Aku ya sok kaya Dalijo lho In, serius..ning mung kala-kala..mung yen butuh..” Lek Ndoleng Wangsulan.
“Yen kangen Yu Wasti ya Lek?” Takone Nduk I’in sinambi mlayu neng pawon.
“Dusss..jik bab Wasti wae cah siji iki..marakne rinduku menumpuk..”Gumrenenge Lik Ndoleng, dene Dalijo mung mesam-mesem, kaya duda meh rabi meneh..

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH