Rabu, 06 November 2019

BUNGAH


Rebo Kliwon 6 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Habakuk 3:17-19
Jabur 142
Lukas 14:25-33
Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun, ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah, abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula. Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku: Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan, Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku. Habakuk 3:17-19

BUNGAH, meh kabeh menungsa ngupaya supayane isa tumeka ing kahanan iki, isa ngrasakne ka-BUNGAH-an sing saktemene. Lha sejatine BUNGAH kuwi apa ta? BUNGAH kuwi kahananing ati sing kepenak ing sakabehe. Merga BUNGAH kuwi kahanane Ati, mula sing paling penting atine, ora mawas lan gumantung marang liyane. Lho yen mung gumantung ati, mayar ta sejatine BUNGAH kuwi? Mengko ndisik, mayar tumrap sing wis isa “nyawang” lan mernahke samubarang lumantar ati kang wening.
Akeh sing nduweni penemu, yen bandane akeh mesti isa BUNGAH. Kuwi ora luput, ananging ya ora satus persen bener. Ana sing bandane umpuk undhung, ananging ati lan pikirane kokea sumelang. Wedi dicolong, wedi disaingi lan sakpanunggalane. Semono uga ora mesti yen sing “ora nduwe banda” kuwi njur otomatis BUNGAH, wong ya akeh sing sambat  ngaruara, nalika ora nduwe duwit utawa banda. Mula saka kuwi, BUNGAH kuwi sejatine kahanane urip sing atine wus sumeleh, nyawang kabeh mung minangka srana, dene tujuan utamane ya mung MANUNGGALING KAWULA GUSTI.

Neng Kitab Habakuk bab 3 ayat 17-19, ana paseksi sing jian apik tenan. Ing kana dicritakne kahanan urip sing kapetung ngrekasa. Ananging sanajan rekasa, tetep isa memuja lan memuji Gusti. Sanadyan kelangan apa kang dadi kalngenane, tetep isa mesem. Kuwi kabeh merga sing paling utama mung Gusti. Mulane sanadyan kelangan apa wae, lan uga ora panen apa wae, tetep isa BUNGAH. Kabeh kuwi mergane sing dadi underaning urip dudu banda, ananging Gusti Allah. Mula sing nulis Habakuk ya neksekake yen sing paling penting mapanke Gusti Allah ana ing “pusate” uripe. Sing nulis Habakuk, percaya yen kabeh mesti bakal diluwari dening Gusti.

Ing jaman saiki, arang sing mapanke Gusti dadi sing nomer siji. Sing nomer siji tetep jik banda. Ora percaya?Jajal, ana urusan greja, mirunggan yen meh mbangun lan butuh ragad, mesti panting pleruk, nolah-noleh kiwa tengen, nunggu siji lan sijine. Kuwi kabeh merga ing pikirane sing ana ya mung bab banda, BUNGAH kuwi nalika nduweni banda, ora nalika ngedum banda.
“Jo, kok jik isa mesam-mesem sliramu kuwi,kamangka sawah tegalmu ora panen blas, lan sapimu ya penyakiten?” Takone Lik Ndoleng naika sore kuwi ngopi neng sor talok.
“Lha kanggoku, BUNGAH kuwi nalika uripku takpasrahke Gusti kok Lik. Bab panen lan ora panen kuwi lakmung srana. Yen atine sumeleh, kabeh isa nggawe BUNGAH neng urip” Semaure Dalijo, sinambi nyumet djarumsupere.
“Aku sarujuk kang Dalijo. Urip kudu BUNGAH, sanadyan kahanane angel..” Nduk I’in melu rembugan.
“Ajeg In..wong kok ela-elu thok..mbok nduweni ide liyane..”Lik Ndoleng nyemprot rembug marang Nduk I’in..
“Ben, tinimbang sampeyan, BUNGAh mung yen tuku udud warunge Yu Wasti. Sisan nglirak-nglirik..”Semaure Nduk I’in sinambi nglirik, sajak ngece.
“Dussss…ndlogogg…bocah siji iki, mesti nyemesi aku..”Batine Lik Ndoleng, merga meh muni rawani karo sing maca BENINGE EMBUN ESUK..


Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH