Jumat, 15 November 2019

KEGUBET


Jemuah Wage 15 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK

APIK YEN IKI NGGUBET URIPMU


Yesaya 59:1-15a
Jabur 98
Lukas 17:26-37
“Astaning Yehuwah iku sanyata ora cupet kagem paring karahayon, lan pamirenge ora kurang landhep kagem miyarsakake; nanging kang dadi sesinggetan ing antarane kowe lan Gusti Allahmu iku sakehing pialamu, tuwin kang njalari Panjenengane asingidan ana ing ngarepmu, satemah banjur ora mireng, iku sakehing dosamu.” Yesaya 59:1-2

KEGUBET kuwi asale seka tembung lingga “gubet’, sing tegese kecencang barang sing memper tali utawa barang sing jinise memper tali, pokok’e sing isa dinggo naleni. Lingga gubet mau nalika ketambahan ater-ater “gi” njur ngemu teges yen nembe nandang utawa nembe nglakoni. Mula saka kuwi, tembung KEGUBET utawa ana uga sing ngarani “GINUBET” nduweni teges utawa arti nembe ketalenan utawa yen basa ngindonesa “sedang terlilit”. Dene isane ana ing kahanan KEGUBET utawa GINUBET kuwi merga polah tingkahe dewe. Yen diumpamakne bocah dolanan, lha menawa sing dinggo dolanan kuwi benang utawa tambang, kuwi isa ndadekne KEGUBET lan angel olehe nguculine, biasane nunggu pitulungan liyan.

Piwulange nabi Yesaya menehi pepeling marang sapa wae sing maca Kitab’e lan uga sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki supaya ngati-ati ngadepi urip. Sing dimaksut ngati-ati, aja ngasi KEGUBET utawa GINUBET ing kahanan sing nggegirisi. Merga yen nganti KEGUBET, mesti angel obah utawa polah. Semono uga  nalika menungsa KEGUBET dening dosa, mesti kuwi sing bakalane ndadekne ora isa obah lan polah kanggo tumindak apik. Lan manut nabi Yesaya, tumindak kang luput lan nyingkeur kersane Gusti kuwi sing ndadekne menungsa ora isa obah, lane mane meneh kuwi kabeh sing ndadekne Astane Gusti ora isa mulung kanggo nulung. Iki dudu merga Astane Gusti kurang dawa, ananging manut nabi Yesaya, kuwi merga menungsa KEGUBET ing piala utawa dosa. Dadi GUBETAN kuwi marakne ndadekne sesinggetan, sing mbatesi menungsa karo Gusti Allah. Lan nalika nembe KEGUBET dening kahanan, ora sithik sing ora ndang sadhar, malah jik pancet nyalahne Gusti Allah.

SUPER


Ing jaman saiki, sing jarene jaman “digital”, meh kabeh isa marakne menungsa KEGUBET. Bab banda donya sing paling “rawan”. Mula saka kuwi, supaya ora KEGUBET marang kahanan sing nyingget sesambungan karo Gusti, kabeh dadekna srana aja tujuan. Banda kuwi sranan, kapinteran kuwi srana lan jabatan kuwi ya mung srana. Yen kabeh mung srana kanggo tujuan tinunggil karo Gusti, mesti ora bakal KEGUBETdening kahanan.

“Lik, ngampil duite Lik, lagi disambati kanca..” Dalijo sajak igah-igih nembung sing rada saru marang Lik Ndoleng.
“Mbok kon nemoni aku dewe kancamu kuwi..rasah liwat kowe..”Semaure Lik Ndoleng sinambi mbukak 76me, rada nggaya merga bar tuku dewe, ora njaluk Dalijo.
“Haiyah, kakean rembug Lek. Saiki kari njenengan oleh apa ora. Mikir sing positip wae. Wong ya iki sing nembung Kang Dalijo, mosok rapercaya” Nduk I’in njedul njur melu nyael rembugan.
“Ajegggg In, njedulmu mesti langsung nyemes tembung marang aku…hmmm..Mbok kowe kuwi kana nyilihi..”Semaure Lik Ndoleng sajak senewen.
“Yowis yen ora oleh Lik..eslow wae..hehe” Wangsulane Dalijo sinambi nyruput kopi.
“Kuwi merga kang Dal ngerti yen aku mesti ora ana..mulane sambat sampeyan. Lek, aja nganti banda kuwi Nggubet urip. Aja KEGUBET dening banda..” Nduk I’in kojah jian memper ustajah..
“Bener unine I’in Lik. Aja KEGUBET banda. Tulungana sing butuh..kuwi wae..” Dalijo nandeske rembug.
“Hmmm..jian wasis kabeh ponak-ponakanku iki…yowis sik takjupuk’e..” Njur Lik Ndoleng mlebu neng kamar, njupuk apa sing dibutuhke Dalijo.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH