Sabtu, 23 November 2019

LUNGA


Setu Pahing 23 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 22:18-30
Jabur 46
Lukas 20:27-40
Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi, kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni. “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!” Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku beteng kita. Jabur 46:8-11

Ora sithik sing nganggep yen LUNGA kuwi ngemu teges ala utawa ora apik. Tembung LUNGA kuwi tegese pindah seka papan siji menyang papan liya, dene bab jarak ora dadi ukuran. Mula sanadyan mung pindah rong senti wae ya isa diarani LUNGA. Seka tembung LUNGA sakbanjure ana maneka werna kahanan sing intine ya LUNGA, pindah panggonan. LUNGA ora nduweni tujuan jelas diarani minggat, LUNGA tanpa pamit diarani nglimpekne, lan sakpanunggalane. LUNGA akeh-akehe ngemu teges sing negatip. Lha apa ya kudu ngemu teges negatip kabeh tembung LUNGA kuwi? Ora!!

Tembung LUNGA ya isa nduweni nilai positip. Ana neng Kitab Suci, ana crita, pernahe pangandikane Gusti bab nilai positip seka tembung LUNGA. “Mara padha lungaa, pada sawangen pakaryane Sang Yehuwah…”Jabur  46 ayat 8. LUNGA ing kene ya tegese mingket saka panggonane, dene tujuane kanggo nyawang pakaryane Gusti, merga ora gelem LUNGA, ora gelem mingket lan mung mapan ana ing panggonane sing lawas, mula babarblas ora isa nyawang pakaryane Gusti Allah. Sing disawang mung samubarang kang ala, kang ora apik. Kuwi kabeh merga ora gelem LUNGA. Lho kena ngapa kok ora gelem LUNGA? Merga wis kadunungan roh males sing ndadekne ngobahke panguripan kuwi abote ora njamak.

LUNGA, kanggo pindah papan, LUNGA kanggo nyawang pakaryane Gusti kuwi sing dikersakne Gusti. Yen wis isa pindah papan utawa LUNGA, mesti isa nyawang kahanan sing beda lan mesti luwih apik tinimbang papane sing lawas. Dene LUNGA kuwi ya ora mayar, mbutuhke niat becik, semangat kang gede lan ora gampang mutung. Sing sapa wani LUNGA saka papan dununge sing lawas, mesti isa nyawang endahing pakaryaning Gusti.

“Lek, sidane moh dadi majelis ya?” Dalijo nakoni Lik Ndoleng nalika sore kuwi wedangan neng lincak sor Talok.
“Aku jik rumangsa ra mungguh, raisa,randuwe wektu, raisa ngomong lan jik akeh kekuranganku  Jo..” Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyah..padune wegah repot wae Lik. Wegah mingket, wegah LUNGA saka kahanane saiki wae kakean alesan.”Nduk I’in njedul lan kaya padatan, nyoal-nyael nyemesi Lik Ndoleng.
“Weh, yen bener omongane I’in, sampeyan kudu pindah panggonan Lik, kudu LUNGA ben isa nyawang pakaryane Gusti..”Dalijo menehi wangsulan.
“Weh, kok pada nundung aku ta?Kok aku  kon LUNGA ki piye?Iki omah-omahku dewe! “ Lik Ndoleng sajak beda penampa.
“LUNGA kuwi tegese mindahke pola piker Lik..ora pindah omah” Semaure Dalijo. Lik Ndoleng mung mesam-mesem sajak kisinan.

Mbah’e


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH