Rabu, 13 November 2019

MBALIK


Rebo Pahing 13 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Zakaria 8:1-17
Jabur 98
Lukas 17:11-19
Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise. Ana siji kang bareng weruh yen wis waras, banjur cengkelak bali kanthi ngluhurake Gusti Allah kalawan suwara sora.” Lukas 17:14-15

Tembung MBALIK kuwi isa diartekne bali seka paran lan mulih marang omahe, isa uga diartekne mbalikne kahanan apa kang isa dibalik. Mulih seka lelungan kuwi isa diarani MBALIK, bali mulih utawa marani papan sing dipanggoni  sakdurunge ya isa diarani MBALIK, dene ndadekne kahanan beda panjer kuwi ya isa diarani MBALIK utawa malik. Neng tulisan iki sing meh dadi underaning rasa pangrasa yakuwi bab bali seka papan liya marani papan sing sakdurunge.

Crita neng Kitab Suci bab MBALIK nate klakon nalika ana wong cacah 10 (sepuluh) sing budhugen nyuwun marang Gusti Yesus ben diparingi waras. Dening Gusti ya diparingi sanandyan lumantar carane Gusti, yakuwi kon sowan neng ngarepe para Imam neng Pedaleman Suci. Iki aneh banget, lha wong  tumrap wong ing jamane Gusti kuwi sing lara budhugen diarani najis tumrap liyan, lha kok kon neng Pedaleman suci?Pora ya mengko njur dikepruki tentarane sing dikonkon dening para Imam? Ning ya jik pada mangkat, lan nalika neng tengah ndalan kabeh waras. Sakwise waras, ora kabeh MBALIK marang Gusti ngaturne panuwun. Sing MBALIK mung siji, kuwi wae wong Samaria. Kuwi sing nggumunake!

SEHAT


Pancen MBALIK kuwi dudu gawean sing mayar, akeh sing rekasane ngeram. Saiki ayo pada dibayangake bab wong Samaria sing MBALIK sowan marang Gusti. Umpamane jarak seka ketemu Gusti karo Pedaleman Suci kuwi seket kilo, njur nembe waras nalika wis malku 40 kilo, lha pora butuh jarak 40 kilo meneh kanggo kepanggih Gusti? Kuwi durung yen dimangerteni menawa Gusti Yesus ya ora meneng wae, mesti tindak merga pakaryane nyebar kabar kabungahan. Cethane, kanggo MBALIK kuwi wong Samaria mau mbutuhake niat,ragat lan uga tenaga. Yen ora ana niat sanadyan ana ragat, mokal klakon. mula sing paling dibutuhke kanggo MBALIK kuwi niat, dudu ragat. Ragat isa digoleki,isa disilihke liyan, ananging bab niat, kuwi kudu mrentul saka telenging batine dewe-dewe. Ing jaman saiki, niat kanggo atur panuwun lan sowan Gusti kuwi meh amblas digaglak kahanan,mula ya angel sing pada gelem MBALIK. Alesane akih banget, aku rasah nulis, ben sing pada maca wae sing “ndaftari” alesane dewe-dewe.

“Jo, suwe men ratahu njedul kuwi jan-jan’e kena apa ta sliramu?” Takone Lek Ndoleng neng Dalijo, merga pirang-pirang ndina mung meneng wae.
“Mbok men ta Lik, wong kang Dal ya duwe hak kanggo meneng. Sampeyan rasah iyik, malah penak ta dolan mae Yu wasti ora diolok-olok kang Dal?” Nduk I’in kaya biasane, nyoal-nyael.
“Dussss..mesti kowe In sing semaur, sing nyoal-nyael karo aku. Menenga wae ngko tak opahi..” Lik Ndoleng sajak kemropok merga sing nyauri dudu Dalijo, ananging I’in.
“Aku ora apa-apa Lik, mung pengen wae meneng..eslow…hening..hehe”Semaure Dalijo clelekan, babarblas ora ngetokne apa sejatine kahanane, merga cen jare Dalijo ya ora apa-apa.
“Weh, tenane Jo, aja-aja jik kangen lan kepikiran Tarsi?” Sinambi nyruput kopi lan nglirik Dalijo, Lik Ndoleng sajak ngece Dalijo.
“Basiyoo..kakek’ane..malah ngece terus cah tuwek siji iki..”Batine Dalijo.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH