Jumat, 22 November 2019

MBEGAL


Jemuah Legi 22 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK

MBEGAL REREGED


Yeremia 22:1-17
Jabur 46
Lukas 19:45-48
Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh, padha dipangandikani mangkene: “Ana tulisan: PadalemaningSun iku dalem pamujan, kok kokdadekake susuh begal.”Lukas 19:45-46

MBEGAL kuwi patraping gawe Begal, sing gaweane ngrampas lumantar peksa sabarang darbening liyan. Yen pas tanggal 21 agustus 2019 tulisan BENINGE EMBUN ESUK wis nganggo jejer BEGAL, mula ing dina iki ya kudu beda, mulane jejer utawa judule ditambahi “M” yakuwi MBEGAL. Ora ana apike babar blas saka tumindak MBEGAL kuwi, merga nekakne kapitunan marang liyan. Yen artine MBEGAL sing asli kuwi njupuk kinantenan kekerasan apa wae darbene liyan, ing sisih liyane MBEGAL kuwi isa nduweni arti liya.

Neng Kitab Suci, pernahe neng Lukas 19 ayat 45-46 dicritakne bab Gusti Yesus sing duka, merga papan manembah sing kudune dinggo menembah marang Sing Akarya Jagad, malah didadekne papan kanggo nggolek kauntungan pribadi lan meneh anggone nggolek untung kuwi linambaran peksan. Dene peksan kuwi dilakoni dening pengarepe agama lelambaran pangerten agama sing keblinger. Kuwi kabeh sing marakne Gusti Yesus duka ora njamak. Ing jaman saiki ya isa klakon apa sing klakon ing jamane Gusti Yesus, yakuwi wong ngibadah ora merga arep manembah marang Gusti Allah, ananging mung nggolek kauntungan pribadi.


MBEGAL REGETING AWAKMU


Dene kanggo niteni tanda-tandane sing mung nggolek keuntungan pribadi kuwi kaya ngapa? Ya sing mangkat mung sakarepe dewe, ora manut pranatane Gusti, sing nalika mangkat manembah ora nate manut tata pangibadahe, teka njur turu yen ora dolanan HP lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh klebu kahanan sing neng papan pangibadah ananging mung nggolek untunge dewe, nggolek mareme kekarepaning atine dewe, lan babarblas ora mikir liyan. Yen kuwi kabeh dilakoni, kuwi wis klebu nindakne pagawean MBEGAL, yakuwi MBEGAL kamulyane Gusti. Ana meneh sing manembah ananging mung njaluk pangalembana, mbuh apa wae gaweane mung pengene dialem wae, lan yen dipaido nesu lan ngamuk, kuwi yaw is klebu MBEGAL kamulyane Gusti.

“Jo, aku mundur wae seka panitia natalan” Sore kuwi Lik Ndoleng ngomong karo Dalijo, bab rencanane mundur seka panatia natalan 2019.
“Weh, ya ora apa-apa Lek, kuwi lakyo pilihan, ora ana wong siji-siji’a sing isa menggak” Wangsulane Dalijo sareh, sinambi klepas-klepus karo kancane sing sejati.
“Wealah, mung usul ora dirungokne wae njur nesu Lek…..kok tipismen sampeyan kuwi..”Nduk I’in njedul seka sisih omah, nggawa kresek ireng merga seka warung, mbuh isine apa.
“Rasah crigis melu-melu kowe In!!!” Pembentak’e Lek Ndoleng.
“Horaaaakkk….ngapa nggagas wong nesu. Nggagas sing pikirane mbocahi!” Ora kalah sogol I’in anggone mangsuli.
“Piye komentarmu Jo, aja mung meneng wae..!” Lik Ndoleng sajak tambah nesu.
“Weh, kabeh kuwi pilihan Lek, aja meneh mundur seka panitia natal, mundur seka kapercayan wae dudu urusanku, kuwi pilihanmu Lik. Aja rumangsa dadi wong penting, njur kabeh kudu manut usule dewe. Aja kadingalem, njaluk dialem terus. Kuwi kabeh pada wae karo MBEGAL, yakuwi njupuk kamulyane Gusti mung kanggo mereme dewe.”Dalijo semaur sinambi nyumet djarumsupere, merga sing sijine wis meh entek.

Mbah’e

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH