Jumat, 29 November 2019

NYUMURUPI


Jemuah Pon 29 Nopember 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Purwaning Dumadi 6 :1-10
Jabur 122
Lukas 21 :29-33
Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae. Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas. Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak. Lukas 21:29-31

NYUMURUPI kuwi artine meh pada karo mangerteni, ananging NYUMURUPI kuwi luwih jero maknane. Yen ngerti kuwi mung sakderma nyawang lan paham bab sing katon, NYUMURUPI kuwi ngenani bab sing durung utawa malah ora katon. NUMURUPI kuwi gegeyutan karo tanda-tanda sing tansah obah mosik ana neng jagad iki, mulane supayane isa NYUMURUPI ya kudu landhep ing pangerten, dene supayane landhep ya kudu diasah ing sadengah kahanan.

Bab NYUMURUPI kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus marang para sekabate. Lho lha ngapa kok kaya mengkono isa dadi pokok piwulange Gusti? Merga Gusti ngersakne para sekabate isa niteni utawa mangertini kabeh kahanane jagad lumantar prantandha sing tansah obah lan mosik ana ing panguripan iki. Nalika isa maca, tegese isa NYUMURUPI lan sakbanjure isa dadi pangati-ati ana ing uripe. Nalika isa NYUMURUPI kahanan lumantar tanda-tandane jagad, kuwi isa ndadekne menungsa isa eling lan waspada lan sakbanjure ngati-ati marang uripe. Dene yen ora isa (merga males lan ora gelem) maca obah osiking jagad, ya mengkone bakal kegiles lakuning jaman.

Ing jaman saiki, arang wong sing gelem sinau maca obah-mosiking kahanan, mulane ya arang sing saiki nduweni kawaskitan. Merga  saka ora isane maca obah osiking kahanan, mula akeh sing njur kaget nalika nemahi kahanan sing nggegirisi, kamangka sejatine Gusti wus paring tanda supaya menungsa isa NYUMURUPI tanda-tandaning jaman.

“In, tulung aja mbok  kunci kamar mandine, aku mengko lak kerep bola-bali menyang WC..” Sambate Lik Ndoleng nalika wis jagongan meh rongjam ora ndang digawekne wedang karo panokane wedok sing ayune sundul langit.
“Cah saiki angel disemoni Lik, ngertine dijublak..”Semuare Dalijo.
“Ora tak kunci lho Lik lawange kamar mandi.” Ngomong ngono I’in bablas nggeblas mbuh meh nengdi, babarblas ora nggagas Lik Ndoleng. Nalika meh adoh diparani Dalijo lan diomongi.
“In, wong disemoni Paklik kok ora ngerti? KAe paklik Ndoleng butuh mbok gekne wedang kopi, mulane mau nyemoni dirimu bab kamar mandi, wedi yen ngompolan merga kakean wedang, kamangka durung diwedangi babarblas..”Dalijo Njlentrehne neng I’in bab sambate lik Ndoleng, dene lik Ndoleng ya mung mesam-mesem karo nyekeli rambute sing mung kari limang ler.

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH