Jumat, 15 September 2023

WOHING DRENGKI

 

Jemuah Wage 15 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

Gambar Manuk Sri Katan


Wacan Kitab Suci

Purwaning Dumadi 41:53-42:17

Jabur 103:8-13

Para Rasul 7 :9-16

Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,”” Purwaning Dumadi 42:9

 

Saben Wit-witan ing sakindenging bawana iki racake isa ngetokake WOH, kang sejatine simpenan panganan kanggo mangsa angel kang bakalane dialmi ing tembe mburine. Racake WOH kuwi ora lansung dadi, kawiwitan saka kembang, njur dadi Pentil..(awas macane sing pener lho ya..hehe) lan sakbanjure dadi sawuhute WOH utawa isa kinaranan wowohan. Ora mung Wit-witan wae sing isa ngetokake wowohan, lha jebul lakuning urip utawa tumindak mau ya isa metokake wohing panguripan. Lukuning urip utawa paatraping urip kang becik isa panen wohing kabecikan, ananging patraping urip kang winengku ing kahanan DRENGKI, bakalan metokake WOHING pati ing sakjroning urip.

 

Ing dina kapungkur BENINGE EMBUN ESUK ngandharake babagan Yusuf kang  DIDOL, kuwi adedasar  sengite para sedulure, mirunggan kangmas-kangmase. Ing dina iki Jemuah Wage limolas September rongewu telulikur, andharanne magepokan karo rasa gething sing muntub-muntub kang sakbanjure sinebut DRENGKI.  Raa gething, sengit lan ora seneng sing dialami dening “komunitas anak-anak rama Yakub” marang SEDULURE dewe ndadekake DRENGKI kang sakbanjure metokake WOHING Pati. Lha ngapa kok para kangmase Yusuf ia nganthi nduweni rasa DRENGKI kang kaya mangkono kuwi? Apa salahe Yusuf? Sing cetha rasa DrENGKI kuwi dudu salahe liyan, semono uga babagan putra-putrane rama Yakub, DRENGKI sing mulat-mulat para kangmase Yusuf dudu salahe Yusuf, kuwi merga para kangmase ora isa Ngrumati rasa, merga ora trima karo critane Yusuf.

 

Merga ora trima karo kabeh kahanane Yusuf, mula njur ngrekadaya piye  “Si DRENGKI” mau ngalami rasa marem , Puas lan Lega. Cikben marem, Puas lan Lega, sasaran rasa DRENGKI mau kudu disebratake, disingkirake,diilangake saka ing pandulune, lan Yusuf njur diguwang menyang papan liyan. Jenenge wae diguwang, para kangmase Yusuf ora nggagas nasipe adine, arep mati apa urip ora urus, sing penting atine lega merga DRENGKIne wis klakon entuk papan nyuntak. WOHING DRENGKI kuwi mung pati, ora ana liya. Ananging Gusti Allah kagungan rancangan kang beda karo rancangane para wong sing dikwasani dening si DRENGKI, merga si sasaran DRENGKI kuwi kang bakalan nguripi lan nulungi ing mangsa Pailan kang nempuh.

 

Ing jaman saiki ora sithik lho ya sing jik ngrumati si DRENGKI nganti malah dikwasani dening si DRENGKI. Amarga wis dikwasani, mula uripe ora nate nemahi karahayon sanadyan sok pamer kahanan karahayon, mesti bakal tumeka ing titi mangsane PAILAN kuwi nempuh, memper kaya jamane Yusuf lan para sedulure. Lan nalika kuwi, mbokmenawa ya kaya para kangmase Yusuf, ora bakalan isin sambat lan njaluk tulung marang si korabn DRENGKI. Mulane para sedulur, payo reresik ati, aja ngrumati iri,srei lan DRENGKI, merga kabeh mau anenuntun marang pati. Payo ngumati katresnan sejati kanga sale mung saka Gusti, merga kuwi dalan lan kahanan kang nuntun marang kahanan Mukti..

 

Salam Rahayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH