Kamis, 28 September 2023

KEBLASUK

 

Kemis Pahing 28 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Yehezkhiel 12:17-28

Jabur Jabur 25: 1-9

Yakobus 4:11-17

Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi margine.” Jabur 25:8-9

 

KEBLASUK kuwi kahanan nalika wong utawa titah apa wae ora mlaku ana ing dalan kang sakbenere, kudune ngener mengulon malah ngidul,ngalor utawa malah ngetan. Arane wae KEBLASUK, mesti ora bakalan tumeka ing papan kang katuju. Ing jaman saiki, mbokmenawa babagan KEBLASUK kuwi wis sansaya suda, amarga ana aplikasi gugelmep (google map), sing bakalan nuntun tekan panggonan kang dituju, sauger alamate pas. Ananging sakdurunge ana gugelmep, lan durung ngerti panggonan kang dituju, njur takon wong, sok-sok ana sing usil, diarahake ben KEBLASUK.

 

Urip iki dalane okehe ngeram, mula yen ora ana tuntunan lan sing nuntun, ora sithik menungsa sing KEBLASUK. Begja dene kitab suci menehi paseksi babagan Gusti Allah kang wus dadi Panuntun, cikben ora KEBLASUK lakuning menungsa iki,klebu aku lan sampeyan lho lur. Neng kitab Jabur bab selawe ayat wolu lan sanga dicethakake, “Sang Yehuwah iku becik lan adil, mulane wong kang kesasar (KEBLASUK) padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ing kabenenran, wong kang lembah manah padha ditedahi lakune..”

Wis cetha banget, kaya ngapa katresnane Gusti marang menungsa, apa meneh sing lembah manah, mesti lakune urip ora bakalan kesasar utawa KEBLASUK.

 

Njur lakuning urip kaya ngapa sing kinaranan KEBLASUK kuwi? Ya pokoke sing ora matrapi urip kaya kang wus dadi Kersane Gusti, yakuwi urip ing sakjroning kahanan tresna-tinresnan cikben jagad iki kebak ing katentreman lan karahayon. Yen ing jagad iki durung ana katentreman lan karahayon, lambok kabeh wong ngaku beragama, papan pangibadah okehe ngeram, unine wong yen ketemu padha muni basa-basa karohanen, kayata:” sholam-salom angger ketemu, salamualakikum lan sakliyane, kuwi babarblas durung mlaku neng dalaning kabeneran, durung dituntun dening Gusti, merga jik seneng nyengsarakne liyan, seneng nggawe pasulayan lan liya-liyane.

 

Semene ndisik ya Lur, yen kokean mengko malah KEBLASUK, sakliyane kuwi aku ya meh nggawe omben kang bahan dasare seka kopi.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH