Sabtu, 16 September 2023

BABAGAN NGAPURA

 

Setu Kliwon 16 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacab Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 45:1-20

Jabur 103:8-13

Mateus 6:7-15

Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe.Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” Mateus 6:14-15

 

Tembung NGAPURA kuwi tegese tumindak  kanggo nutup utawa mbusak  sabarang kang wus nate kelakon ing mangsa kang wus kawuri. Jenenge wae nutup kuwi ateges ora nganggep ana sanadyan wus nate kelakon. Jenenge wae nutup, artine babagan kang wus kelakon ing mangsa kang wus kawuri ora isa disawang maneh, kuwi kurangluwihe tegese tembung NGAPURA. Ngapura kuwi ayahan kang menawa diomongake mayar, ananging angel ing babagan nglakonine.

 

Piwulang kitab suci ing dina iki magepogan karo tembung NGAPURA, cethane BABAGAN NGAPURA. Tembung NGAPURA kuwi ana ing basa asline, basa Yunani, saka tembung charizomai kang salah siji makna utawa tegese mbusak utawa nutup kaluputan kang wis nate klakon. Jenenge wae mbusak, mesti sakbubare dibusak, wus ora isa ketok maneh, wus sirna lan mestine yen wis sirna ya ora isa disawang maneh. Menawa digathukake karo piwulange Gusti yesus BABAGAN NGAPURA, kaya jejere BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki, jian pas temenan. Gusti Yesus mulang mangkene, “ sebab menawa kowe ora padha NGAPURA kaluputaning wong (liyan), Ramamu ing swarga ora bakal NGAPURA kowe. Nanging menawa kowe ora NGAPURA marang wong, Ramamu iya bakal ora NGAPURA kaluputanmu…” sejatine medeni banget lho ya piwulang iki, merga kabeh cetha wela-wela nyulek mata temenan.

 

Dadi, BABAGAN NGAPURA kuwi ora mung winates ana ing lambe, ora mung kanggo manis-manise rembug, ananging kudu dadi lakuning urip lan ora isa dilakoni minangka apus-apus. Iki urusane karo Gusti sing mahakwasa, mosok arep ngapusi Gusti Allah? Mula yen jik ana sing ngayahi ayahan NGAPURA mung minangka lamising lambe, kuwi sejatine ngece utawa njarag karo Gusti Allah, ora peduli kuwi sapa. Sanadyan aktipis keagamaan, aktipis greja, sanadyan wektune mung kanggo “Pelayanan”, sanadyan pisungsunge okeh dewe, ananging menawa ora isa NGAPURA liyan, ora isa MBUSAK luputing liyan, muspra tanpa guna.

 

Mulane para sedulur, payo eling karo piwulange Gusti Yesus BABAGAN NGAPURA, payo nutup  utawa mbusak luputing liyan, ayo ngrengga urip anyar. Dieling, menawa ora NGAPURA luputining liyan (wong) Sang Rama ya ora bakalan NGAPURA lupute awake dewe lho ya? NGAPURA kuwi mbusak kahanan ala sing  kawuri, menawa tetep durung utawa emoh ngayahi, sepira gedene lakuning keagamaan, kuwi ora ana gunane.

 

Mulane, payo niti preksa lakuning uripe dewe, wis  isa NGAPURA liyan durung, yen durung, ora uah sok rohani utawa sok relejies, kuwi muspra tanpa guna, kuwi mung lamis..missss.

 

Salam Rahayu

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH