Selasa, 05 September 2023

SKENARIO

 

Selasa Wage  5 September 2023

BENINGE EMBUN

SKENARIO




Wacan Kitab Suci

2 Samuel 11:26-12:14

Jabur 17:1-15

Wakyu 3 :7-13

Sang Prabu nuli ngandika marang utusan mau: “Sira matura marang Yoab mangkene: Prakara iku aja ndadekake esake atinira, amarga wis lumrah pamangsane pedhang ora pilih wong. Mulane pangrangsangira marang kutha iku sengkakna lan gempuren. Mangkono uga padha bombongen atine!” 2 Samuel 11:25

 

SKENARIO kuwi tembung kanga sale dudu saka basa jawa asli,  kang nduweni arti utawa teges kurang luwih mangkene, yakuwi babagan rerancangan kang bakalan dilakoni. Dene rerancangan kuwi isa babagan kang apik lan uga babagan kang ora apik. Babagan apik lan ora apik mau sejatine ora ana gegayutane karo tembung SKENARIO, kabeh gumantung karo sing nglakoni, yen ancase apik ya mesti wae apik, sanadyan rumpil lan rekasa, dene yen ancase ora apik racake luwih mayar, sanadyan ing tembe mburine  malah kepara luwih rekasa.

 

Babagan SKENARIO  kuwi okeh dicritakake ana ing kitab suci,salah sijine neng kitab 2 samuel. Ing crita kuwi dijlentrehake babagan SKENARIO kang dirancang  deniang sang prabu Dawud. Anane ngrancang SKENARIO kang ora prayoga kuwi merga ngrumangsani ana ayahan ala kang njedul amarga ora isa ngrumat mobaling pepinginan. Nalika kuwi sang prabu nembe bubar nglakoni ayahan kang ora becik, yakuwi melik lan ndemeni bojoning liyan yakuwi prajurite utawa malah senopatine dewe. Bareng rumangsa ana sing dadi pepalang, mula sang prabu banjur nggawe SKENARIO kang  ala, yakuwi piye carane nyingkirake wong kang ora disenengi. SKENARIONE pancen yahud, ketoke asli, ananging kabeh wus dirancang.

 

Ora mung ing jamane Prabu Dawud, ing jaman saiki ya jik okeh wong sing “hobby” nggawe SKENARIO, mbuh kuwi kanthi ancas apik lan ug ancas kang ora apik. Yen nerusake critane prabu Dawud, sakwise tumindak ala nyingkirake senopati Uria merga ngangkah ngepek bojone Uria lan uga pepeling saka Gusti  lumantar nabi Nathan,  kabeh  menehi pasinaon yen ora ana baba pa wae sing ketriwal saka pamirsane Gusti Allah, mula ya ora usah nggawe SKENARIO ala. Ora usah ndakig-ndakig nggawe SKENARIO kang sinawang apik, kamangka isine ya bosok merga ya mung nguja kemaremaning kamanungsan.

 

Mula saka kuwi para sedulur, payo saiki niti priksa ing atine dewe-dewe, apa wis ngayahi ayahan apa wae kanthi ancas mung kagem kabecikaning jagad? Apa malah seneng nggawe SKENARIO sing ketone apik ananging kabeh mung kanggo nutupi kahanan kang ala utawa ora becik? Kabeh  mung mbalik marang ati lan nuranine dewe=dewe.

 

Salam Rahayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH