Kemis
Pon 14 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci
Purwaning
Dumadi 37:12-36
Jabur
103:8-13
1
Yokanan 3:11-18
“Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah
Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening
prajurit tamtama.” Purwaning Dumadi 37:36
Tembung
DIDOL kuwi linggane Adol, yakuwi pakaryan mindahake barang marang liyan kanthi
nampa bebulih, dene bebulih kuwi isa awujud barang liyane kang sapangaji lan
uga isa awujud duwit. Anane ayahan “dodolan” kuwi merga anane kahanan kang
padha butuhe, mula banjur ana kahanan Dol-Tinuku, ana sing adol la nana sing
nuku. Anane kahahan DIDOL kuwi yen ditaliti lan dirasak-rasakake merga anane
barang kang nduweni pangaji, amarga yen ora ana ajine, tangeh lamun ana
kedadeyan Dol-Tinuku.
Ana
crita babagan lelakon Dol-Tinuku neng kitab suci, pernahe neng Purwaning dumadi
telungpuluhpitu ayat telungpuluhenem. Ing kitab kuci dicaritakake babagan rasa
ora senenge para sedulure Yusuf, putra-putrane rama yakub. Amarga rasa ora
seneng marang sedulure kuwi mau, sanadyan seddulur kang nduweni pangaji kang
tanrinega, kudu disingkirake. Ing pungkasane Yusuf DIDOL dening para sedulure
lan tinuku dening wong Midian kang dadi “makelar” babu ing wektu kuwi. Manut
andharan ing ndhuwur babagan ayahan Adol lan Tuku kuwi gegayutan karo barang
sing nduweni pangaji, njur kena apa para sedulure Yusuf ngedol adine yen ijik
nduweni pangaji? Njur apa sing digoleki?
Sakliyane
nampa duwit minangka bebulih regane Yusuf, para sedulure utawa para kangmase
Yusuf antuk kahanan MAREM lan LEGA amarga isa ngesokake rasa gething marang
adine. Dadi ayahan dodolan kuwi ora mung amarga butuh, uga isa amrga wis ora
seneng utawa gething. Amarga rasa gethinge wis gedene ora ukur, mula para
kangmase Yusuf pengen nguja mareming rasa lan kuwi isane klakon mung nalika
Yusuf SUMINGKIR utawa basa karma aluse DIINGGATAKE, disirnakake saka ing urip.
Ananging sanadyan mengkono, sing ngecet Lombok ora sare, rerancangan ala
tumrape menungsa kuwi kaaem dening Gusti minangka srana kababaring Tentrem
Rahayu lan mingka srana nylametake wong-wong kang wus nguja rasa gething srana
NGINGGATAKE Yusuf.
Crita
babagan gething lan banjar ngayahi ayahan Dol-Tinuku jik klakon ing wektu iki,
sanadyan kanthi “wajah yang berbeda”. Ana wae sebutan utawa anggone menungsa
njenengi ayahan Dol-Tinuku kuwi, ananging sing tetep padha, kabeh kawiiwitan
saka kahanan Gething sing mulad-mulad. Gething kang mulad-mulad kuwi isa mlebu
ing ngendi-endi papan lan kahanan, malah paling mayar neng paguyupan agama, apa
wae agamane, yen wis tuwuh rasa gething, sapa lan apa wae isa DIDOL,
disebratake,disingkirake. Lan sing nggumunake, nyingkirake kuwi dibungkus karo
basa-basa sing sok ngrohani, iki sing mbebayani, jik kepenak njamane Yusuf,
gething ya gething, lan banjur DIDOL,entuk duwit lan lega rasa sengit utawa
gethinge.
Mulane
para sedulur, dingati-ati karo rasa gething, merga isa ngedol apa wae. Saka
andharan ing ndhuwur, payo sinau babagan urip bebrayan, urip bebarengan. Sing
sepisan, aja ngrumati gething merga mengko barang sing pangajine gede klakon
DIDOL marang liyan. Kapindhone, sanadyan ngrancang babagan kanga la marang
liyan, yen Gusti ngersakake apik, kabeh isa dadi apik lan kang bakalan klakon
marang sing nate ngedol mung getun, merga getun kuwi tibane mburi, yen tiba
ngarep jenenge ndaftar..
Wis
smeene ndisik, mengko kokean malah sing maos ngantuk..lhaaa..raktenan ta..kuwi
ana sing keturon…ndang tang, yen ora ngko barange sing gede pangajine DIDOL
marang liyan lhoo..
Salam
Rahayu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar