Sabtu, 23 September 2023

LOSDOL

 

Setu Pahing 23 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK


BEBAS...LOSDOL


Wacan Kitab Suci Padinan

Zefanya 2:13-15

Jabur 145:1-7

Mateus 19:23-30

Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan.” Zefanya 2:13-15

 

Tembung LOSDOL kuwi pancen dudu tembung baku, tegse ora ana paugeran tata-basa kang ngatur pigunane tembung kuwi, ananging tembung iki kulina digunakne dening sapa wae. Lha apa ta tegese tembung LOSDOL kuwi? Manut sakpangertenku,, merga ora ana kamus sing baku, ttembung LOSDOL kuwi tegese kahananing tumindak sing wis ora patia nggagas kahanan ing sakiwa tengene lan uga ora nggagas apa resiko nalika mateg “Aji LOSDOL”. Sapa sing ngempakake Aji LOSDOL iki babarblas ora nggagas liyan, focusing urip mung awake dewe, ananging iki babagan positif, dudu perangan negative. Cikben mayar mangertine, payo sinau saka kitab suci.

 

Ana piwulang adiluhung neng kitab suci kang dadi pepeling babagan kepiye kahanane urip nalika Gusti Allah wis klakon makarya sing sakmestine. Neng kitab Zefanya bab 2 ayat telulas tekan limalas dicritakake, neng kana ana pangandikan kang mangkene,..

” Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Kuwi pangungel nalika menungsa ngrasakake pakaryane Gusti sing ngedab-edabi. Critane kepriye kok nganti ana penemu kang mangkene? Kuwi pamecane nabi Zefanya bab bangsa ngisrael kang bakalan ucul saka penggecake bangsa Asyur. Nalika jamane nabi Zefanya pancen bangsa ngisrael katindes utawa kajajah dening bagsa asyur, mula kahanane rekasane ngeram, blas ora kepenak, ngapa-ngapa salah. Banjur Gusti Allah makarya, Ngagagake Astane mengalor, penere bangsa asyur, banjur bangsa sing nindhes bangsa ngisrael ajur mumur ora karuan, lan merga ajur mumur mulane bangsa ngisrael rumangsa bebas, ora ana sing nindhes lan ngawat-awati maneh, wis ngrasakne kahanan LOSDOL!!

 

Babagan panindhes kuwi ora mung ing jamane nabi Zefanya, ing jaman saiki ya jik lumaku. Ana panindhesing ekonomi, panindhesing keamanan, panindhesing sosial lan sakbanjure. Nalika ngrasakne kahanan iki, urip krasa abote ngeram, apa-apa rinasa luput lan babarblas ora kepenak. Mula sinau saka pengalamane bangsa ngisrael ing jamanne nabi Zefanya, payo ngaturake sakabehing momotaning urip lan kabeh panindhesing urip iki marang Gusti sinartan ngayahi ayahan kang dikersakne dening Gusti, mesti mengko bakalan ngalami kahanan LOSDOL, kahanan sing mardika saka sakabehing panindhes.

Mulane para sedulurku kabeh, payo naliti urip iki dewe-dewe, njur yen ngrasa ora nate mardika merga ginubet ing sakabehing panindhes, ndang cekat-ceket matur Gusti, cikben nguculi sakabehing panindhes lan mateg Aji LOSDOL, cikben urip iki bener mardika, rinasa urip dewe tanpa pangancem saka apa lan sapa wae. Semene ndisik ya lur, arep nundhus momotaning urip ing saben wayah esuk, cikben uripku jian LOSDOL.

 

Salam Rahayu

Mbah’e

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH