Senin, 18 September 2023

ANDHAP ASOR

Senen Pahing 18 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

ISTANA KAURIPAN


ANDHAP ASOR

Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning dumadi 48:8-22

Jabur 133:1-3

Ibrani 11:23-29

Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.” Purwaning Dumadi 48:8-9

 

Tembung ANDHAP ASOR kuwi tegese mapan ana ing panggonan ngisor dewe. ANDHAP kuwi tegese ngisor utawa kosok-baline dhuwur, dene ASOR kuwi ya meh pada, panggonan utawa kahanan kang sejatine kosok-baline nginggil utawa ndhuwur. Mula sakbanjure ana ing andharan BENINGE EMBUN ESUK senen wolulas September rongewu telulikur iki, ANDHAP ASOR takwenehi arti mapanake urip ana ing panggonan kang ana ing ngisor, utawa nglakoni urip tanpa sombong utawa kumlungkung.

 

Wacan kitab suci saka Purwaning Dumadi bab patangpuluh wolu ayat wolu tekan rolikur  ngandharake babagan “reuni” ing antarane rama Yakub lan putrane kang wus kaanggep ilang, yakuwi Yusuf. Kahanane wis bedha,  rama Yakub wis lamur merga wis tua, dene Yusuf wis omah-omah,nduwe anak lan saiki sukses. Nalika pethukan, amarga wis rada lamur, njur rama Yakub takon gegayutan karo pawongan-pawongan sing ana ing sakceake, njur diwangsuli dening Yususf yen kuwi anake lan sing dadi piwulang ing dina iki yakuwi babagan ANDHAP ASOR sing dilakoni dening Yusuf. Lho nengndi ANDHAP ASOR’e? Nalika ngakoni yen anak-anake kuwi peparinge Gusti Allah.

 

Ing wektu kuwi Yusuf wis sukses, apa wae isa kagayuh lan apa wae diduweni, ananging kabeh kang klakon kuwi dudu duweke, kabeh kagungan lan merga diparingi dening Gusti Allah. Yusuf orarumangsa yen apa kang dadi darbeke kuwi duweke, Yusuf ora rumangsa yen kabeh amarga kapinteran lan kaprigelanne, kabeh mung PEPARINGE Gusti Allah.

 

Spirituaitas ANDHAP ASOR sing diduweni Yusuf kuwi apik banget ing sakuruting jaman, klebu ing jaman saiki. Ananging saiki spiritualitas ANDHAP ASOR kuwi wis sansaya ilang utawa kejepit kahanane jaman sing nyuburake spirituaitas kumlungkung, kemaki, gumunggung lan sakpanunggalane. Ing sadengah papan lan panggonan, oa nyawang kuwi papan sekuler apa spiritual, kabeh wus koncatan ANDHAP ASOR, anane  mung ethok-ethok, anane mung nggolek aleman, mula okeh sing senengane padha pamer lumantar media-media sosial. Ing pasamuan utawa rgreja ya semono uga, ANDHAP ASOR kuwi wis ditinggalake, wus ora payu meneh, mula yen ora ngati-ati, isa bubar merga ora sithik sing benthic merga rebutan nomer siji, kabeh merga wis lali karo ANDHAP ASOR.

 

Payo nguripi tata caraning urip kang kebak ing kahanan ANDHAP ASOR… Salam Rahayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH